ASAL USUL JENENG
KARANGANYAR
Desa Karanganyar iku melu kecamatan Welahan kabupaten
Jepara. Saiki cacah wargane ana 1.446 warga. Dingeti saka panggonane, daerah
iki wates kabupaten Jepara karo Demak. Kejawan daratan teka segara lor jawa
sing ombone 87 hektar, ana hamparan tambak iwak lan rawa – rawa. Uripe makmur
lan tentrem, masyarakate penggawehane akeh saka petani, nanging uga ana sing
dadi pedagang lunga metu saka pulau Jawa misale Kalimantan, Malaysia, Sumatra
lan liyane. Akeh sing petani amarga kiwa lan tengene desa kuwi diubengi sawah,
jaman samana penduduke elehan utawa pindahan saka desa pinggire yaiku norowito,
dadine penduduke cacahe mung sithik.
Sadurunge ana omah – omah penduduk desa iki iseh rupa
rawa – rawa sing sisihe ana kali/lepen. Kali iku jenenge kali serang sing
banyune akeh, kanggo nggunaake mbayuni sawah sing ditanduri pari kanggo kebutuhan
lan nyukupi ekonomi.
Warga tani sing iseh nyekel tradisi zaman kuna, ana cara
sing kanggo nyalurake pengetahuane saka basa, kegunaane basa iki digunakake
kanggo warna – warna , kaya wae ing panguripan saben dina, upacara adapt lan
upacara agama sing luwih nggunakake basa Jawa.
Zaman biyen sadurunge desa iki dadi maju, ana perkawis
sing kudu dingerteni asal – usule kenapa bisa diarani utawa duwe jeneng
Karanganyar. Saiki desa wis maju, perkembangane cepet, dadi langka bocah sing
mangerteni piye kok bisa duwe jeneng
kaya ngana, ngertine mung manggoni.
Biyen sadurunge jeneng Karanganyar, desa Norowito iku
sing asale dipanggoni para warga, nalika manggoni desa iku akeh warga sing
padha dimalingi, saben dina mesthi ana perkara kuwi yaiku kemalingan, dadine
warga padha mlayu pindah lunga sisihe/tangga desane sing adohe ora sepira adoh
saka asale kana, biyen wargane mung sithik bisa diitung, nanging sansaya suwe
tambah akeh. Zaman biyen nalika dijajah PKI riwayate susah, mangane bonggol
gedhang karo onggok ora mangan sego apa maneh buah.
Wujud utawa bentuke Karanganyar iku akeh kalen, ngarep
desa ana kalen gedhe lan mburi ana sawah karo kalen cilik sing diarani larik,
kalen sing amba ya ana, sing cilik digunakake kanggo pengairan uga dawane
nganti ngubungake liya desa. Saking akehe warga sing dadi tani dadine kalen iku
penting, didadekake wadah pengairan kanggo kaperluan tandurane yaiku pari karo
jangan kayata : jagung, kacang, kangkung, delai, krai, tomat, waloh, gambas lan
liya-liyane. Ana kalen sing dijenengi kalibom iku bentuke amba, banyune pasang
surut miturut musime, gedhene kalen iku watese ana ing bongpes yaiku iso
kembung karo kempes. Kalen sing amba nak wayah rendeng mesthi banjir, sanajan
sakiki wis maju terus ora kena banjir, nanging nak ngilingi zaman biyen nalika
wayah rendeng tiba, banyune banjir nganti ngarep omah lan ratane uga ketutupan
banyu. Nalika ana wayah rendeng, kalen iku banjir, ing desa iki ana mayat
mandeg cacahe loro wedok kabeh, ora ana sing ngakoni, jare para warga padha
ngira klintiran saka tanjung, yaiku desa sebrang wetan melu kabupaten Demak
sing adoh saka desa iki. Warga sing nemukake padha rame amarga mayit loro mau
ora ana sing ngerti asal – usule saka ngendi, lajeng wonten salah satunggaling
warga sing menehi jeneng den ayu Ndaru karo den ayu Surti.
Iso ana utawa dadi jeneng Karanganyar iku amarga ana
wong sing klinter neng kalen lajeng mbanggok neng salah sijine wit karang, wong
kuwi di jenengake mbah ndaru. Ora ana ngerti asale saka endi mayit mau,
penduduk pada geger. Mayit mau terus dikubur ana ing pinggir wit karang sing ditemuake
neng panggonan mau, wong sing nemuake mayit mau wenehi jeneng Karanganyar yaiku
amarga mandeg ana ing wit karang, anyar yaiku wong anyar sing ditemukake.
Dadine wong sing nemukake mau dadiake mbah ndaru iku tiyang sesepuh keturunan
ana ing desa iku. Sak iki panggonan mau didadekake Tempat Pemakaman Umum/ TPU
ana ing desa Karanganyar. Desa iki wis
maju akeh penduduk sing kasil oleh nyambut gawe, hawane asrep ana kalen – kalen
akeh sing digunakna kanggo pengairan. Tandure wis maju, kasile dikirim lunga
adoh sing bisa dicegerake kanggo nglangsungake ekonomi para warga.
Wynn casino opens in Las Vegas - FilmfileEurope
BalasHapusWynn's first nba매니아 hotel casino in Las apr casino Vegas since opening its doors in 1996, Wynn 바카라 사이트 Las Vegas is the first hotel on kadangpintar the Strip 1xbet 먹튀 to offer such a large selection of