Senin, 20 Maret 2017

Cerita dari Kota Pemalang " Asal - usul Pantai Widuri ing Kutha Pemalang " Bahasa Jawa


Asal - usul Pantai Widuri ing Kutha Pemalang 


            Ana ing abad XV, pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. warga kang manggon ana pesisir iku isih langka lan sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut benang-benang tresna lan tali kasih urip rukun bebrayan kaya critane Rama Shinta ing epos Ramayana. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku  tani, ngolah sawah kang maune arupa raw-rawa  sak dawane pesisir segara. Nandur palawija lan semangka.
Ing sakwijining dina, esuk-esuk nyai Pedaringan dhewekan ing gubuge, isih nyiapake sarapan, panganan kang paling disenengi kaki Pedaringan kang saiki ana ing sawah adoh saka omahe. Merga kaki Pedaringan isih gawe lahan anyar kang mengkone ditanduri palawija. Ora let suwe teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur si nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, getih kae katon nyata nanging ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake awake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Nyata bocah bagus mau yaiku pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon.  Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.
Pungkasane Salingsingan bisa dikalahake lan pangeran Papak Purbaya bisa selamet. Ana ing dalan tumuju Mataram, pangeran Papak Purbaya weruh gubug, dheweke kepengin mampir lan njaluk tulung  diobati larane. Banjur Nyai Pedaringan ngrewangi ngobati. Ora suwe wong loro mau dadi cedhak. Tekan  awan, pangeran Purbaya pamit bali arep nerusake lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake kerise kanggo bebungah marang nyai Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen keris mau diarani Simonglang iku dijaga lan diopeni. Uga dikarepake yen mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah iku lan kang duwe hak nduweni sarta ngrawat keris iki yaiku kluwarga Pedaringan lan keturunane.
Sapa-sapa ora nduweni hak njupuk keris mau kajaba pangeran Papak Purbaya utawa wong sing kabeh driji tangane papak kaya duwene pangeran Papak Purbaya. Pangeran Papak Purbaya nerusake perjalananen marang kidul. Ing tengah-tengah lakune dheweke kudu ngliwati kali cilik saka arah wetan lan ngalir tumuju kulon kang lokasine cedhak karo segara (ing basa jawa: Malang) dheweke kaya entuk ilham utawa wangsit saka sing gawe urip kanggo menehi jeneng dhaerah iki “Pemalang”.
Kisahe, wis rada sore kaki Pedaringan nembe bali ngomah, Kaki Pedaringan rada getun lan gumun, biasane nyai Pedaringan nggawake panganan nanging nganti sore kaya iki si Nyai ora marani. Getun dadi cemburu merga kaki ngonangi nyai Pedaringan isih nyekeli keris kang dudu duweke Kaki Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh penjelasan nerangake kepriye critane dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki Pedaringan ora gelem nrima penjelasan saka nyai, malah dadi ribut.
Ing akhir tukarane, Nyai Pedaringan nyabut kerise kanggo mbuktike tresnane, keris mau dienggo ngiris drijine. Getih kang seger mau netes saka drijine kang lentik. Nyai Pedaringan sumpah menawa tetesan getih kang diolesake ing kembang widuri bisa ngowahi warnane (warna kembang widuri putih) nanging yen kembang widuri mau bisa dadi warna ungu, iku tandane tresnane isih suci. Ndeleng kedadeyan mau, kaki Pedaringan dadi gela lan njaluk pangapura marang nyai Pedaringan.
Kanggo nebus dosane kaki Pedaringan karo nyai Pedaringan arep nyusul lan nggoleti pangeran Papak Purbaya. Nanging nganti saiki kaki Pedaringan ora tau bali. Saiki nyai Pedaringan kang diarani “Nyai Widuri” urip dhewekan karo bayi kang isih ana ing wetenge. Nganti akhir umure, nyai widuri dadi randa. Saiki jeneng widuri diabadikake kanggo jeneng desa, merga nyai widuri tau urip ning kono.

Cerita dari Kota Jepara " R.A. Kartini " Bahasa Jawa



R.A KARTINI

Nalikaning RA.Kartini lair, Ramane isih dadi Wedono Mayong, ibune klairan saka desa Teluk Awur yaiku Mas Ajeng Ngasirah kang statuse Garwo Ampil. RMAA. Sosroningrat, ramane RA Kartini kawin nalika taun 1872 lan RA Kartini lair nalika taun 1879. Dheweke anak nomer lima saka RMAA Sosroningrat lan urutan kang kaping papat saka ibu kandung Mas Ajeng Ngasirah. Simbahe RA Kartini saka ibune yaiku salah sijine ulama gedhe nalika jaman semana, kang asmane Kyai Haji Madirono lan Hajah Siti Aminah.
Bojo kang nomer loro saka Ramane kang nduweni status garwo padmi yaiku anak bangsawan kang dinikahi nalika taun 1875 keturunan langsung saka bangsawan agung Madura yaiku Raden Ajeng Woeryan anak saka RAA Tjitrowikromo kang nduweni jabatan dadi Bupati Jepara sadurunge RMAA Sosroningrat. Perkawinan saka bojo loro – lorone mau nglairake keturunan kang cacahe ana 11 (sewelas) putra.
Hawa seger kang sapisanan dirasakake dening RA Kartini yaiku ing desa Mayong,22 km sadurunge mlebu jantung kutha Jepara. Neng desa Mayong mau RA Kartini dilairake dening ibu saka kalangan rakyat biasa kang didadekake garwo ampil dening Wedono Mayong RMAA Sosroningrat. Anak kang lair yaiku nduweni tetenger kayata; mripate bunder blalak – blalak suminar manjerake cahyo kang padhang, kaya – kaya ngadhep masa depan kang kebak tantangan. Dina tansah lumaku, RA Kartini gedhe ana ing tengahing ketentreman lan kesarasan, dheweke kepengin polah, mlayu mrana – mrene ora ana kang nglarang. Kang gawe atine seneng yo dilakokake. Amerga kebebasan lan kegesitane kuwi mau dheweke dijenengake “TRINIL “ dening ramane. Banjur taun 1880 lair RA Roekmini saka garwo padmi. Nalika taun 1881 RMAA Sosroningrat diangkat dadi Bupati Jepara lan dheweke sakeluarga pindah omah ana ing Rumah Dinas Kabupaten neng Jepara. Ing taun kang padha adhine lair, dijenengake RA Kardinah. Si Trinil seneng banget amerga saiki ana kancane dolanan. Lingkungan Pendopo Kabupaten kang amba tur megah kuwi tansaya menehi kasempatan tumrap kebebasan lan kegesitane saben – saben polahe RA Kartini.
Sipat kang sarwa pengin weruh tumrap apa wae dening RA Kartini kuwi kang ndadekake wong tuwane saya nggatekake perkembangan jiwane. Pancen kawit cilik RA Kartini kuwi bocah kang paling cerdas lan kebak inisiatif dibandingake karo sedulure wadon liyane. Jalaran sipat kepemimpinan RA Kartini kang apik, sahingga ora tau ana perselisihan ing antarane dheweke. Wong telu kuwi mau, yaiku RA Kartini, RA Roekmini lan RA Kardinah diarani “TIGA SERANGKAI” sanajan RA Kartini rada diistimewakake saka liyane.
Nalika RA Kartini mulai sekolah ing “Europese Lagere School” dheweke seneng banget amerga sipat kang diduweni lan kepinterane kang luwih kuwi mau ndadekake yen dheweke cepet lan gampang disenengi dening kanca – kancane. Klawan kecerdasan otake kanti gampang bisa nyaingi anak – anak Belanda. Ing basa Belanda uga RA Kartini bisa diandalake. Nalika preinan kang sepisanan nyedaki unggah – unggahan kelas, Ny.Ovink Soer lan bojone ngajak RA Kartini uga adhi – adhine, Roekmini lan Kardinah mlaku – mlaku ing pante Bandengan, kira – kira 7 km saklore kutha Jepara, yaiku salah sijine pante kang endah klawan wedhi putih kang sarwa nengsemake, tumrap kang digambarake lewat surat – surate marang kanca – kancane yaiku Stella ing Negara Belanda. Kartini lan adhi – adhine ngetutake Ny.Ovink nggolek karang karo playon entho – enthonan ngadohi ombak, RA Kartini takon marang Ny.Ovink apa jenenge pante kuwi mau, banjur dijawab singkat dening Ny.Ovink yen pante kuwi mau jenenge Pante Bandengan. Banjur Soer kandha yen neng Holland uga ana salah sijine pante kang meh padha karo pante Bandengan, jenenge “Klein Scheveningen”. Ora njarak RA Kartini nyela…..”Yen ngono, jenenge pante Bandengan iki dijenengi kanti aran Klein Scheveningen wae”. Ana ing pante kuwi RA Kartini lan Mr Abendanon nganakake rembugan “empat mata” kang ana kaitane karo panjaluke supaya diijinake sekolah neng negeri Belanda, sanajan akhire secara resmi panjaluke marang pemerintah Hindia Belanda ditarik maneh lan biaya kang wus dicawisake kanggo RA Kartini diwenehake dening salah sijine pemuda saka Sumatera, yaiku Agus Salim (KH.Agus Salim).
Pirang – pirang taun sawuse ngrampungake pendhidhikan ing Europese Lagere School, RA Kartini nduweni kekarepan kepengin nutukake pendidikan ing tingkatan kang luwih dhuwur, nanging ananing rasa mamang, ragu ing atine RA Kartini amerga ananing peraturan adat kanggone kaum ningrat yen wanita kaya dheweke kudu nglakoni pingitan.
Pencen wus wayahe RA Kartini nglakoni mangsa pingitan amerga umure wus 12 taun luwih. Kabeh mau kanggo keprihatinan lan kapatuhan marang tradisi dheweke, kudu pisah saka kahanan njaba lan kakurung dening tembok Kaputren.. Ruang pingitan kang digunakake mingit RA Kartini yaiku kamar kang ukurane 3x4 meter. Artine di pingit yaiku mbatesi ruang gerak salah sijine anak wadon kang ngidak dewasa, kanti ora dientuki metu saka ngomah kanti tujuan ngenteni lamaran saka wong kang ora dikenal dening dheweke mau. RA Kartini dipingit klawan wates ngarep ana rono lan mburi ana tembok kang dhuwur banget lan dijaga dening para punggawa.
Kanti semangat lan ora kenal putus asa RA Kartini nambah kawruhane tanpa sekolah amerga dheweke sadar yen karo ngalamun lan nangis ora bakal ana asile, “Kapan aku bisa pinter?”. Banjur siji – sijine dalan kanggo ngentekake wektu yaiku kudu tekun, tlaten maca buku apa wae kang diduweni saka kakange lan ramane.
Dheweke uga tau ngajukake lamaran kanggo sekolah klawan beasiswa neng Belandha lan diijinake dening Pemerintah Hindia Belanda, nanging klawan akehe pertimbangan banjur beasiswa mau diserahake dening bocah liyane kang akhire jenenge dadi kasuwur yaiku H. Agus Salim.
         Sanajan Kartini ora duwe kesempatan nutukake sekolah, nanging Kartini rampung nuntun remaja putri priyayi, bumi putra ning serambi Pendopo mburi Kabupaten. Nalika semana wis dikenalake istilah Kriya ing pelajarane. RA. Kartini wus ngrampungake lukisan karo cat minyak nanging murid-murid sekolah isih nggarap, garapane tangane dhewe-dhewe, ana sing njahit lan ana sing nggawe pola utawa wujud-wujud dasar nggawe sandhangan
         Ananing   Bupati RMAA Sosroningrat lan Raden Ayu lagi nrima tamu yaiku utusan kang nggawa surat lamaran saka Bupati Rembang Adhipati Joyodiningrat kang wus dikenal dadi Bupati kang nduweni pandangan maju lan modern. Tanggal 12 Nopember 1903 RA. Kartini banjur nglangsungake pernikahane karo Bupati Rembang  kuwi mau kanti sederhana apa anane.***
         Nalika kandungane RA Kartini wus umur 7 sasi, RA Kartini rumangsa kangen kang banget jerone dening ibune uga kutha kelairane yaiku kutha Jepara kang nduweni kenangan selawase urip awit lair nganti arep nduwe bojo. Bojone uga wis nyoba nglipur atine supaya seneng klawan swara-swara gamelan lan tembang-tembang kang dadi kasenengane nanging kabeh mau gawe dheweke lesu.
         Nalika tanggal 13 September 1904 RA Kartini nglairake bayi lanang kang dijenengake Singgih/ RM Soesalit. Nanging kahanane RA Kartini tansah payah, ora nduweni daya maneh sanajan wis nglakoni perawatan khusus, sahingga akhire nalika tanggal 17 September 1904 RA Kartini unjal ambegan kang terakhir nalika umure 25 taun.***
                                   






















SILSILAH KELUARGA RA KARTINI

Prabu Brawijaya (Raja Majapahit)
Lembu Niryoso (Panembahan Bromo)
Menak Simbar (Adipati Puger)
Menak Simende (Adipati Blambangan)
Menak Gendru (Adipati Babadan)
Menak Werdati Lumajang Tengah (Adipati Toposono)
Menak Lumpat Blambangan (Sinuhun Rebut Payung)
Menak Kedawung Blambangan (Sinuhun Wawalangan)
Lanang Dengiran (Kyai Brondong)
Pangeran Onggowijoyo
Tumenggung Tjondronegoro I (Bupati Surabaya)
Adipati Ario Tjondronegoro II (Bupati Pati)
Adipati Ario Tjondronegoro III (Bupati Kudus)
Pangeran Ario Tjondronegoro IV (Bupati Demak)
Garwo Padmi RA Woeryan → RMAA Sosroningrat (Bupati Jepara) ← Garwo Ampil MA Ngasirah


Garwo Padmi dengan RMAA Sosroningrat melahirkan putra :
  1. RA Sulastri Tjokrohadisosro Selasa Kliwon, 9 Januari 1877
  2. RA Roekmini Santoso Ahad Paing, 4 Juli 1880
  3. RA Kartinah Dirjoprawiro Ahad Legi, 3 Juni 1883
Garwo Ampil dengan RMAA Sosroningrat melahirkan putra :
  1. RM Slamet Sosroningrat Ahad Legi, 15 Juni 1873
  2. Pangeran Ario Sosrobusono Senin Legi, 11 Mei 1877
  3. RM Panji Sosrokatono Rabu Paing, 10 April 1878
  4. RA Kartini Djoyogadiningrat Senin Paing, 21 April 1879
  5. RA Kardinah Reksonegoro Selasa Paing, 1 Maret 1881
  6. RM Sosromulyono Ahad Wage, 26 Desember 1885
  7. RA Sumantri Sosrohadikusumo Ahad Wage, 11 Maret 1888
RM Sosrorawito Senin Kliwon, 16 Oktober 1892

Cerita dari Kota Jepara " ASAL USUL JENENG KARANGANYAR " Bahasa Jawa



ASAL USUL JENENG KARANGANYAR

Desa Karanganyar iku melu kecamatan Welahan kabupaten Jepara. Saiki cacah wargane ana 1.446 warga. Dingeti saka panggonane, daerah iki wates kabupaten Jepara karo Demak. Kejawan daratan teka segara lor jawa sing ombone 87 hektar, ana hamparan tambak iwak lan rawa – rawa. Uripe makmur lan tentrem, masyarakate penggawehane akeh saka petani, nanging uga ana sing dadi pedagang lunga metu saka pulau Jawa misale Kalimantan, Malaysia, Sumatra lan liyane. Akeh sing petani amarga kiwa lan tengene desa kuwi diubengi sawah, jaman samana penduduke elehan utawa pindahan saka desa pinggire yaiku norowito, dadine penduduke cacahe mung sithik.
Sadurunge ana omah – omah penduduk desa iki iseh rupa rawa – rawa sing sisihe ana kali/lepen. Kali iku jenenge kali serang sing banyune akeh, kanggo nggunaake mbayuni sawah sing ditanduri pari kanggo kebutuhan lan nyukupi ekonomi.
Warga tani sing iseh nyekel tradisi zaman kuna, ana cara sing kanggo nyalurake pengetahuane saka basa, kegunaane basa iki digunakake kanggo warna – warna , kaya wae ing panguripan saben dina, upacara adapt lan upacara agama sing luwih nggunakake basa Jawa.
Zaman biyen sadurunge desa iki dadi maju, ana perkawis sing kudu dingerteni asal – usule kenapa bisa diarani utawa duwe jeneng Karanganyar. Saiki desa wis maju, perkembangane cepet, dadi langka bocah sing mangerteni piye kok bisa duwe jeneng  kaya ngana, ngertine mung manggoni.
Biyen sadurunge jeneng Karanganyar, desa Norowito iku sing asale dipanggoni para warga, nalika manggoni desa iku akeh warga sing padha dimalingi, saben dina mesthi ana perkara kuwi yaiku kemalingan, dadine warga padha mlayu pindah lunga sisihe/tangga desane sing adohe ora sepira adoh saka asale kana, biyen wargane mung sithik bisa diitung, nanging sansaya suwe tambah akeh. Zaman biyen nalika dijajah PKI riwayate susah, mangane bonggol gedhang karo onggok ora mangan sego apa maneh buah.
Wujud utawa bentuke Karanganyar iku akeh kalen, ngarep desa ana kalen gedhe lan mburi ana sawah karo kalen cilik sing diarani larik, kalen sing amba ya ana, sing cilik digunakake kanggo pengairan uga dawane nganti ngubungake liya desa. Saking akehe warga sing dadi tani dadine kalen iku penting, didadekake wadah pengairan kanggo kaperluan tandurane yaiku pari karo jangan kayata : jagung, kacang, kangkung, delai, krai, tomat, waloh, gambas lan liya-liyane. Ana kalen sing dijenengi kalibom iku bentuke amba, banyune pasang surut miturut musime, gedhene kalen iku watese ana ing bongpes yaiku iso kembung karo kempes. Kalen sing amba nak wayah rendeng mesthi banjir, sanajan sakiki wis maju terus ora kena banjir, nanging nak ngilingi zaman biyen nalika wayah rendeng tiba, banyune banjir nganti ngarep omah lan ratane uga ketutupan banyu. Nalika ana wayah rendeng, kalen iku banjir, ing desa iki ana mayat mandeg cacahe loro wedok kabeh, ora ana sing ngakoni, jare para warga padha ngira klintiran saka tanjung, yaiku desa sebrang wetan melu kabupaten Demak sing adoh saka desa iki. Warga sing nemukake padha rame amarga mayit loro mau ora ana sing ngerti asal – usule saka ngendi, lajeng wonten salah satunggaling warga sing menehi jeneng den ayu Ndaru karo den ayu Surti.
Iso ana utawa dadi jeneng Karanganyar iku amarga ana wong sing klinter neng kalen lajeng mbanggok neng salah sijine wit karang, wong kuwi di jenengake mbah ndaru. Ora ana ngerti asale saka endi mayit mau, penduduk pada geger. Mayit mau terus dikubur ana ing pinggir wit karang sing ditemuake neng panggonan mau, wong sing nemuake mayit mau wenehi jeneng Karanganyar yaiku amarga mandeg ana ing wit karang, anyar yaiku wong anyar sing ditemukake. Dadine wong sing nemukake mau dadiake mbah ndaru iku tiyang sesepuh keturunan ana ing desa iku. Sak iki panggonan mau didadekake Tempat Pemakaman Umum/ TPU ana ing desa Karanganyar.  Desa iki wis maju akeh penduduk sing kasil oleh nyambut gawe, hawane asrep ana kalen – kalen akeh sing digunakna kanggo pengairan. Tandure wis maju, kasile dikirim lunga adoh sing bisa dicegerake kanggo nglangsungake ekonomi para warga.

Cerita dari Kota Cilacap " Kembang Wijaya Kusuma " Bahasa Jawa



Kembang Wijaya Kusuma
Miturut crita jaman semono ana raja saka Jawa Timur yaiku Kerajaan Kediri sing aran Prabu Aji Pramosa. Dheweke duwe watak atos lan ora gelem ngalah karo sapa wae, apa maneh karo raja-raja saka kerajaan liya.
Wektu iku ing wilayah kerajaan ketekanan resi sing aran Resi Kano utawa Kyai Jamur. Resi kano iku wis misuwur kasektenane. Anane Resi Kano ing kono ndadekake Prabu Aji Pramosa kuwatir mbok menawa Resi Kano nduwe niyat ala karo dheweke lan kerajaane. Dheweke wis wanti-wanti karo para punggawa-punggawane supaya luwih ati-ati. Prabu Aji Pramosa kuwatir yen kerajaane bakal nandhang bebaya.
Jalaran saka iku Prabu Aji Pramosa nglumpukake para punggawa-punggawane dijak rembugan. Rembugane bab piye carane supaya bisa nyingkirake Resi Kano saka tlatah kono. Bareng rembugane wis rampung, Prabu Aji Pramosa rada tentrem atine. Akhire Prabu Aji Pramosa gawe keputusan yen Resi Kano bakal ditundhung saka Kerajaan Kediri. Pokoke Resi Kano ora entuk lunga saka kono sadurunge dipateni karo Prabu Aji Pramosa. Nanging Resi Kano minggat luwih dhisik saka Kerajaan Kediri sadurunge ditundhung karo Prabu Aji Pramosa..
Minggate Resi Kano saka wilayah Kerajaan Kediri malah ndadekake Prabu Aji Pramosa murka. Prabu Aji Pramosa durung bisa tentrem yen durung bisa nemokake Resi Kano. Prabu Aji Pramosa akhire lunga karo punggawa-punggawane nggoleki Resi Kano. Saupama mengko kecekel Resi Kano langsung dipateni.
Resi Kano minggat  menyang arah Pantai Selatan Pulau Jawa cedhake Cilacap. Ing kono Resi Kano semedi njaluk karo Gusti sing Murbeng Dumadi supaya dheweke diparingi slamet lan ora ana sing bisa nemokake dheweke ing kono. Nanging durung klakon apa sing dijaluk, Prabu Aji Pramosa lan para punggawa-punggawane wis bisa nemokake nggon delikane Resi Kano. Bareng wis di temokake nggone mau, banjur Resi Kano dipateni dening Prabu Aji Pramosa lan para punggawane.
Nalika Resi Kano wis dipateni, ana swara gludhug lan angine banter banget sing nggawe Prabu Aji Pramosa lan punggawa-punggawane merinding. Sawetara kahanan wis apik, ana naga raksasa sing kaya-kaya meh nguntal dheweke. Weruh kaya ngono Prabu Aji Pramosa malah ngunus jemparinge lan diarahke neng wetenge naga raksasa iku mau. Akhire naga mati lan kentir ombak Pantai Laut Selatan.
Bareng Prabu Aji Pramosa arep balik saka kono, dumadakan ana swara ngundang dheweke saka arah wetan. Swara iku mau jebul swarane sang putri, putri iku ngendikan karo Prabu Aji Pramosa :
“Prabu, panjenengan iku raja sing gagah prakosa tur wicaksana. Ngertenana prabu aku iki Dewi Wasowati. Anane aku neng kene amarga dikutuk karo Gusti sing Murbeng Dumadi. “Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan. ”Jalaran saka jasamu aku bisa njelma maneh dadi manungsa biasa. Minangka aku bales jasamu, panjenengan tak aturi cangkok kembang wijaya kusuma iki. “Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan.”
“Yen kowe duweni cangkok kembang wijaya kusuma kowe bakale bisa nurunake raja-raja sing bisa misuwur ing tanah jawa. Mula tampanana cangkok iki.”
            Krungu kaya ngono Prabu Aji Pramosa kanthi sumringah langsung nampani cangkok Kembang Wijaya Kusuma mau. Nanging Dewi Wasowati uga duwe pesen karo Prabu Aji Pramosa :
“Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan.”
            Sawuse cangkok diwenehake marang Prabu Aji Pramosa, Dewi Wasowati ilang. Banjur sang prabu mbalik kanthi numpaki jukung. Cangkok mau diselehake neng sandhinge, nanging  bareng cangkoke ceblok,Prabu Aji Pramosa ora ngerti. Dheweke sadhar nalika wis teken pinggir, Prabu Aji Pramosa bingung ngoleki cangkoke iku. Prabu aji pramosa mung bisa nyalahake awake dhewe neng apa kok ora ati-ati anggone njaga cangkok mau. Akhire Prabu Aji Pramosa mbalik neng kerajaan Kediri karo punggawa-punggawane. Lan apa sing dialami dina iku mau dicritakake marang wong-wong kerajaan.
            Ora let suwe keprungu kabar yen ing dhuwur karang Pulau Nusa Kambangan thukul wit sing aneh,wite iku ora ana wohe. Prabu Aji Pramosa kepengen weruh jan-jane wit apa sing thukul ing dhuwur karang iku. Akhire Prabu Aji Pramosa lunga neng Pulau Nusa Kambangan. Bareng tekan kono dheweke kaget jebul wit sing dimaksud wong-wong iku cangkok kembang wijaya kusuma sing dhisik tau ditampa saka Dewi Wasowati. Nanging wit iku mau ora bisa dijupuk dening Prabu Aji Pramosa. Akhire Prabu Aji pramosa mung bisa balik karo rasa kuciwa.
            Miturut crita sing ana, nganti saiki Kembang Wijaya Kusuma dipercaya yen sapa wonge duwe cangkok kembang wijaya kusuma bakale nduweni keturunan sing mulya uripe. Nanging cangkok mau ora entuk dijupuk karo sembarang wong, kudune wong sing karep njupuk kudu semedi luwih dhisik.

Cerita dari Kota Kebumen " PANDAN KUNING " Bahasa Jawa



PANDAN KUNING

Pandan Kuning minangka salah sijine obyek wisata sing dikramatake dening masyarakat laut Petanahan. Pandan kuning saka tembung Pandan salah sijine wit-witan lan Kuning. Panggonan nyepi Pandan Kuning  dijaga lan dirawat dening juru kunci kayata :
1.   Mbah Kerti
2.   Mbah Sanwiradi
3.   Mbah Madrakis
4.   Mbah Kramasentana
5.   Mbah Sanwireja
6.   Mbah Abdurrohman
Raden Soedjono lan Dewi Sulastri minangka tokoh sing cukup legendaris babagan legenda Pandan Kuning. Legenda iki kawiwitan nalika Kerajaan Mataram pemerintahan Sutawijaya (1601). Nalika jaman pemerintahan Mataram kabagi dadi kabupaten-kabupaten kayata Kabupaten Pucang kembar, Bulu Pitu, Loano.
Bupati Citra Kusuma kang mbawahi Kabupaten Pucang kembar nduweni putra kang ayu rupane kang sesulih Dewi Sulastri. Bupati Pucang Kembar wis nyiapake calon garwa kanggo Dewi Sulastri, amarga pancen wis dadi padatan wektu semana yen jodho iku ditentokake wong tuwa, sanadyan tasih cilik. Joko Puring iku sing dadi pasangane Dewi Sulastri manggon ing Pucang kembar, lan deweke wis direngkuh kaya dene keluargane dhewe.
Kacarita ana ing sawijining dina ana nom-noman kang bagus rupane putrane Demang Wonokusumo saka Karang Gumelem, teka ing kono sak perlu arep suwito marang Bupati Citra Kusumo. Satekane Raden Soedjono agawe Bupati Citra Kusumo goreh atine, arep nampa pasuwitane Reden Soedjono apa ora. Ana ing kono Dewi Sulastri njaluk supaya kang rama nampa pasuwitane Raden Soedjono, ananging Joko Puring ora sarujuk amarga kebak rasa cubriya. Raden Soedjono bisa ketampa pasuwitane kuwi amarga karo syarat kang diajokake dening Joko Puring, bilih Raden Soedjono nyambut gawe minangka gamel (tukang golek suket) lan juru taman.
Ana ing wektu-wektu pasuwitane Raden Soedjono minangka gamel lan juru taman dheweke katarik marang latian keprajuritan, lan ana ing pungkasan dheweke mlebu dadi salah sijine prajurit.
Ing sawijining dina Raden Soedjono ketemu karo Dewi Sulastri ana ing taman sari lan karo-karone padha ngandaraken katresnan. Adhi-adhine Dewi Sulastri kang sesulih Usmana lan Usmani mangerteni bab iku. Mila banjur ndadekake sulaya.
Rumangsa ora bisa ngalaheke Raden Soedjono, Usmana lan Usmani lunga wadul karo Joko Puring babagan Raden Soedjono lan Dewi Sulastri.
Pasulayan Raden Soedjono karo Joko Puring ora bisa dipenggak maneh. Amarga krasa kalah Raden Soedjono mlayu saka pasulayan. Dheweke lunga marang Brangkal lan njaluk pangayoman marang Kyai Karyadi.
Jaka Puring ngoyak Raden Soedjono nganti tekan omahe Kyai Karyadi, nanging Raden Soedjono ora bisa ditemokake amarga umpetan ana ing lumbung pari. Amarga buronan ora bisa ditemokake, mila Joko Puring lan adhi-adhine padha bali tanpa kasil.
Sawise dirasa aman Kyai Karyadi ngundang Raden Sodjono lan nakokake apa sing sajatine kedaden. Raden Soedjono njlentrehake kabeh kedadeyan sing wis kadaden. Ana ing pungkasan dheweke njaluk pitedah kanggo ngepek bojo Dewi Sulastri supaya kaleksanan. Kyai Karyadi menehi pitedah supaya Raden Soedjono nyepi ana ing sangisore wit Lo kang ana ing desa Grenggeng.
Pungkasane Raden Soedjono tekan ana ing Grenggeng banjur nggoleki wit Lo kanggo nyepi. Kanthi persiapan lahir lan batin, uga kebak gegayuhan kaleksanan jiwa lan ragane. Kanthi tekad kang gedhe kanggo entuk Dewi Sulastri minangka bojo.
Wisiking angin rumesep ing kalbu Raden Soedjono. Kaprungu swara tanpo rupa, lan manahe bisa nampa swara kuwi.
“ Soedjono, sajatine kasenengan yaiku minangka kasil saka perjuangan. Yen kowe pengin entuk kasenengan kuwi, mila siapake awakmu kanggo nglakokake salah sijine dharma bekti marang wong kang wis nggedhekake kowe.”
Barang keprungu swara mau, Raden Soedjono banjur nyekar ana ing pesareane Panembahan Baribin. Ana ing semedine, Raden Soedjono entuk wisikan gaib supaya Raden Soedjono nerusaken nyepine ana ing kali Palemahan lan Kali Bantar sing ana ing tlatah Buayan murih bisa entuk Pusaka Gandik Kencana lan Bancet Kencana.
Pungkasane apa kang dilakokake Raden Soedjono kasil lan deweke bisa entuk pusaka Gandik Kencana lan Bancet Kencana kanggo ngalahake Joko Puring.
Kanthi sesingidan dheweke enggal-enggal menyang Pucang Kembar saperlu nemoni Dewi Sulastri, banjur nyritakake apa kang wis kadadeyan kanthi ngati-ngati. Sateruse Raden Soedjono prentah marang Dewi Sulastri, supaya Dewi Sulastri nyuwun marang kang rama kanggo nganakake giri patembaya.
Kaprungu panjaluke putra kang paling ditresnani mila Bupati Citro Kusumo ngumumake giri patembaya.
Sauntara ana ing wektu kuwi, Joko Puring njaluk supaya enggal-enggal didaupake karo Dewi Sulastri kang wis sawetara suwe dadi idham-idhaman ning atine. Kanggo nampik panjaluke Joko Puring, Dewi Sulastri nduweni panjaluk supaya karo-karone yaiku Raden Soedjono lan Joko Puring diedu.
Paprangan ora bisa dipenggak maneh. Kadigdayane Raden Soedjono nyata ana ing sangisore kadigdayane Joko Puring. Mangerteni menawa idhamaning ati bakal asor ing yuda, mila tanpa mikir dawa Dewi Sulastri langsung namakake pusaka Gendik Kencana, lan ora mleset ngenani awake Joko Puring. Joko puring kalah lan mlayu ninggalake arena uga ninggalake Pucang Kembar.
Amarga menang paprangan lan uga nduweni pusaka Gendik Kencana lan Bancet Kencana, Raden Soedjono bisa ngepek garwa Dewi Sulastri.
Sawise dhaupane Raden Soedjono karo Dewi Sulastri, adipati Citro Kusumo menehake kekuasaan marang Raden Soedjono. Dheweke nyingkir dadi Begawan  kanthi sesulih Begawan Citro Kusumo. Ora sauntara suwe dheweke entuk layang saka mataram kang isine prentah kanggo numpas brandhalan ono ing Gunung Tidar. Ana ing tapane, Begawan Citro Kusuma entuk wangsit bilih kang  bisa numpas brandhalan ora liya yaiku mantune dhewe kang sesulih Raden Soedjono. Kanthi rasa kang abot Begawan Citro Kusumo ngeculake Raden Soedjono.
Ora sawetara suwe Raden Soedjono tekan ing Gunung Tidar nalika wayah bengi. Ora nyangka yen Raden Soedjono bakal entuk lawan kang abot yaiku pimpinan garong ing Gunung Tidar. Paprangan gedhe kaleksanan, yaiku Raden Soedjono lan pimpinan garong Gunung Tidar. Ananging prayata yen kadigdayaan Raden Soedjono luwih dhuwur ketimbang brandal Gunung Tidar. Pimpinan garong Gunung Tidar kalah dening tangane Raden Soedjono.
Ing wengi kang peteng lelimengan Raden Soedjono tumungkul, dheweke migatekake rupane pimpinan garong Gunung Tidar. Rupa iku nyata banget cedhak ing ati lan pikirane, banget cedhak ing pangeling-eling. Pungkasane Raden Soedjono ora kuwawa mbendung rasaning ati. Pancen ora pantes yen sawijining priya nangis, nanging apa ya ana kang bisa mbendung atine yen sing mati mau kakang kandhunge dhewe kang sesulih Wirakusumo?
Prajurit lan pengawal Bupati Pucang Kembar ditata maneh amargo arep bali menyang Pucang Kembar. Wirakusumo dadi garong amargo iri karo adhi-adhine kang dadi Bupati Pucang Kembar lan Bupati Loano.
Bebarengan karo lungane Raden Soedjono menyang Gunung Tidar pawarta keprungu tekan Joko Puring. Ana ing njero ati Joko Puring tasih ana rasa tresna marang Dewi Sulastri. Bab iku kang nggawe Joko Puring golek wektu kanggo ngrebut rasa tresnane Dewi Sulastri maneh
 Ana ing sisih liya, minangka temanten kang anyar, Dewi Sulastri krasa sepi amarga ditinggal dening wong kang ditresnani iku. Atine Dewi Sulastri nguntab-nguntab amarga kepengin cepet-cepet ketemu karo Raden Soedjono, mila dheweke gawe keputusan dhewe kanggo nyusul raden Soedjono ana ing Karang Gumelem. Apa kang dikarepake dening Dewi Sulastri dimangerterni dening Joko Puring. Mila saka kana Joko Puring nduweni maksud kanggo nguntit Dewi Sulastri. Ananging pranyata apa kang dikarepake dening Dewi Lestari ora katurutan. Raden Soedjono durung bali saka Gunung Tidar.
Ana ing satengahe lampahane Dewi Sulastri, dheweke dirayu dening Joko Puring kanthi basa kang nggrentesi manah supaya rasa kangen kang ana ing manah dewi Sulastri bisa kapadhu karo Joko Puring. Ananging Dewi Sulastri ora nyarujuki panjaluke Joko Puring, amargo kasetyan mujudake makuthaning wanodya. Dewi Sulastri arep diperjaya menawa ora gelem nglanggati sing dadi kekarepane Joko Puring. Joko Puring ngruda peksa. Dewi Sulastri arep digawa lunga menyang Wagir Pandan. Tangan lan sikil Dewi Sulastri ditaleni dening Joko Puring nganggo Godong Pandan
Kacarita Raden Soedjono wis tekan ana ing Karang Gumelem tanpa alangan sawiji apa lan ngrukti layone kakangeWirokusumo. Kang rama, Demang Wonokusumo maringi pamrayoga supaya Raden Soedjono enggal-enggal ngupadi Dewi Sulastri kang lagi nyusul nggoleki Raden Soedjono menyang Karang Gumelem. Ing satengahing marga Raden Soedjono ketemu Joko Puring kang lagi golek woh-wohan kanggo Dewi Sulastri. Joko puring kaget, lan kanthi rikat Joko puring nyaut Dewi Sulastri, kagendhong lon digawa mlayu nurut pinggiring segara kidul. Raden Soedjono banget anggone kaget mengerteni yen Dewi Sulastri digawa mlayu Joko Puring. Kanthi rikat dheweke mbedhul wit Pandhan lan diuncalake menyang Joko Puring kanthi dilambari kekuatan.
Joko Puring nggawa Dewi Sulastri menyang desa Karanggadung. Ana ing kana Dewi Sulastri ditinggal dening Joko Puring kanggo golek woh-wohan.
Ana ing wektu kuwi Raden Soedjono bisa nemokake Dewi sulastri  lan saklorone bebarengan ana ing wit Pandan.   
 Ing wektu kuwi, makbedunduk Joko Puring teka kanthi nggawa woh-wohan kanggo Dewi Sulastri. Ananging sawise meruhi bilih ana ing sajejere Dewi Sulastri ana Raden Soedjono, mila ana kekarepan kanggo njaga dewi Sulastri supaya ora tiba maneh menyang tangane Raden Soedjono. Bab iku kaleksanan karo perang tandhing
Sawise paprangan wis sauntara suwe kaleksanan, pranyata kadigdayan Raden Soedjono luwih dhuwur ketimbang kadigdayan Joko Puring
Rumangsa yen Joko Puring ora bisa ngalahake Raden Soedjono mila Joko Puring mundur saka paprangan. Miturut legenda panggonan kang dienggo kaggo pelariane Joko Puring ninggalake jeneng-jeneng panggonan kayata : PADHAURIP, GUYANGAN, ALANG-ALANG AMBA, KEWARU, KARANG BOLONG, BUAYAN.
Raden Soedjono cepet-cepet nemoni Dewi Sulastri kanggo nyopot talenane. Ana bab kang aneh ana ing kana bilih tali kang kanggo ngiket Dewi Sulastri lan wit bekas sareane Dewi Sulastri malih warna dadi kuning. Mila panggonan mau diarani Pandan Kuning.
Ana ing sawijining dina nalika sakloron lagi bebarengan, ana ing kono katekan Nyi Roro Kidul lan ngomong bilih panggonan kang wis diwenehi jeneng Pandan Kuning arep didakekake panggonan kanggo singgah ana ing wektu-wektu kepungkur. Nalika Nyi Roro Kidul ninggalake sakloronan mau yaiku Dewi Sulastri la Raden Soedjono klambine Dewi Sulastri kang wis kucel digawa dening Nyi Roro Kidul.
Saka kono mila bajur metu kapercayan bilih sapa bae kang nyepi lan tapa ing papan kono nalika kekarepane kawujud, kedah ngganti klambi anyar kang wujud : jarik lurik, slendhang modhang, klambi warna ijo gadung. Sadurunge ngganti klambi Dewi Sulastri kudu kedah nyelehake : piranti kanggo paes, lenga wangi lan rokok kretek.