Kembang Wijaya Kusuma
Miturut crita jaman semono ana raja saka Jawa Timur
yaiku Kerajaan Kediri sing aran Prabu Aji Pramosa. Dheweke duwe watak atos lan
ora gelem ngalah karo sapa wae, apa maneh karo raja-raja saka kerajaan liya.
Wektu iku ing wilayah kerajaan ketekanan resi sing aran
Resi Kano utawa Kyai Jamur. Resi kano iku wis misuwur kasektenane. Anane Resi
Kano ing kono ndadekake Prabu Aji Pramosa kuwatir mbok menawa Resi Kano nduwe
niyat ala karo dheweke lan kerajaane. Dheweke wis wanti-wanti karo para
punggawa-punggawane supaya luwih ati-ati. Prabu Aji Pramosa kuwatir yen
kerajaane bakal nandhang bebaya.
Jalaran saka iku Prabu Aji Pramosa nglumpukake para
punggawa-punggawane dijak rembugan. Rembugane bab piye carane supaya bisa
nyingkirake Resi Kano saka tlatah kono. Bareng rembugane wis rampung, Prabu Aji
Pramosa rada tentrem atine. Akhire Prabu Aji Pramosa gawe keputusan yen Resi
Kano bakal ditundhung saka Kerajaan Kediri. Pokoke Resi Kano ora entuk lunga
saka kono sadurunge dipateni karo Prabu Aji Pramosa. Nanging Resi Kano minggat
luwih dhisik saka Kerajaan Kediri sadurunge ditundhung karo Prabu Aji Pramosa..
Minggate Resi Kano saka wilayah Kerajaan Kediri malah
ndadekake Prabu Aji Pramosa murka. Prabu Aji Pramosa durung bisa tentrem yen
durung bisa nemokake Resi Kano. Prabu Aji Pramosa akhire lunga karo
punggawa-punggawane nggoleki Resi Kano. Saupama mengko kecekel Resi Kano
langsung dipateni.
Resi Kano minggat
menyang arah Pantai Selatan Pulau Jawa cedhake Cilacap. Ing kono Resi
Kano semedi njaluk karo Gusti sing Murbeng Dumadi supaya dheweke diparingi
slamet lan ora ana sing bisa nemokake dheweke ing kono. Nanging durung klakon
apa sing dijaluk, Prabu Aji Pramosa lan para punggawa-punggawane wis bisa
nemokake nggon delikane Resi Kano. Bareng wis di temokake nggone mau, banjur
Resi Kano dipateni dening Prabu Aji Pramosa lan para punggawane.
Nalika Resi Kano wis dipateni, ana swara gludhug lan
angine banter banget sing nggawe Prabu Aji Pramosa lan punggawa-punggawane
merinding. Sawetara kahanan wis apik, ana naga raksasa sing kaya-kaya meh
nguntal dheweke. Weruh kaya ngono Prabu Aji Pramosa malah ngunus jemparinge lan
diarahke neng wetenge naga raksasa iku mau. Akhire naga mati lan kentir ombak
Pantai Laut Selatan.
Bareng Prabu Aji Pramosa arep balik saka kono, dumadakan
ana swara ngundang dheweke saka arah wetan. Swara iku mau jebul swarane sang
putri, putri iku ngendikan karo Prabu Aji Pramosa :
“Prabu, panjenengan iku raja sing gagah prakosa tur wicaksana.
Ngertenana prabu aku iki Dewi Wasowati. Anane aku neng kene amarga dikutuk karo
Gusti sing Murbeng Dumadi. “Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki
bakale pisah karo pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa”
sing artine pulau. Lan tak tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang
wijaya kusuma wis tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale
panggonan iki dikenal kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi
nusa kambangan. ”Jalaran saka jasamu aku bisa njelma maneh dadi manungsa biasa.
Minangka aku bales jasamu, panjenengan tak aturi cangkok kembang wijaya kusuma
iki. “Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo pulau
Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau. Lan tak
tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang wijaya kusuma wis tak
aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki dikenal
kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan.”
“Yen kowe duweni cangkok kembang wijaya kusuma kowe bakale bisa
nurunake raja-raja sing bisa misuwur ing tanah jawa. Mula tampanana cangkok
iki.”
Krungu kaya ngono
Prabu Aji Pramosa kanthi sumringah langsung nampani cangkok Kembang Wijaya
Kusuma mau. Nanging Dewi Wasowati uga duwe pesen karo Prabu Aji Pramosa :
“Prabu Aji Pramosa, ngertenana yen panggonan iki bakale pisah karo
pulau Jawa, pulau iki arep tak wenehi jeneng “nusa” sing artine pulau.
Lan tak tambahi jeneng “kembangan” amarga cangkok kembang wijaya kusuma
wis tak aturke panjenengan. Saengga ing wektu ngarep bakale panggonan iki
dikenal kanthi jeneng “nusa kembangan”. Sing saiki dadi nusa kambangan.”
Sawuse cangkok
diwenehake marang Prabu Aji Pramosa, Dewi Wasowati ilang. Banjur sang prabu
mbalik kanthi numpaki jukung. Cangkok mau diselehake neng sandhinge,
nanging bareng cangkoke ceblok,Prabu Aji
Pramosa ora ngerti. Dheweke sadhar nalika wis teken pinggir, Prabu Aji Pramosa
bingung ngoleki cangkoke iku. Prabu aji pramosa mung bisa nyalahake awake dhewe
neng apa kok ora ati-ati anggone njaga cangkok mau. Akhire Prabu Aji Pramosa
mbalik neng kerajaan Kediri karo punggawa-punggawane. Lan apa sing dialami dina
iku mau dicritakake marang wong-wong kerajaan.
Ora let suwe
keprungu kabar yen ing dhuwur karang Pulau Nusa Kambangan thukul wit sing
aneh,wite iku ora ana wohe. Prabu Aji Pramosa kepengen weruh jan-jane wit apa
sing thukul ing dhuwur karang iku. Akhire Prabu Aji Pramosa lunga neng Pulau
Nusa Kambangan. Bareng tekan kono dheweke kaget jebul wit sing dimaksud
wong-wong iku cangkok kembang wijaya kusuma sing dhisik tau ditampa saka Dewi Wasowati.
Nanging wit iku mau ora bisa dijupuk dening Prabu Aji Pramosa. Akhire Prabu Aji
pramosa mung bisa balik karo rasa kuciwa.
Miturut crita sing
ana, nganti saiki Kembang Wijaya Kusuma dipercaya yen sapa wonge duwe cangkok
kembang wijaya kusuma bakale nduweni keturunan sing mulya uripe. Nanging
cangkok mau ora entuk dijupuk karo sembarang wong, kudune wong sing karep
njupuk kudu semedi luwih dhisik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar