PANDAN KUNING
Pandan Kuning minangka salah sijine obyek wisata sing
dikramatake dening masyarakat laut Petanahan. Pandan kuning saka tembung Pandan
salah sijine wit-witan lan Kuning. Panggonan nyepi Pandan Kuning dijaga lan dirawat dening juru kunci kayata :
1.
Mbah Kerti
2.
Mbah Sanwiradi
3.
Mbah Madrakis
4.
Mbah Kramasentana
5.
Mbah Sanwireja
6.
Mbah Abdurrohman
Raden Soedjono lan Dewi Sulastri minangka tokoh sing
cukup legendaris babagan legenda Pandan Kuning. Legenda iki kawiwitan nalika
Kerajaan Mataram pemerintahan Sutawijaya (1601). Nalika jaman pemerintahan
Mataram kabagi dadi kabupaten-kabupaten kayata Kabupaten Pucang kembar, Bulu
Pitu, Loano.
Bupati Citra Kusuma kang mbawahi Kabupaten Pucang kembar
nduweni putra kang ayu rupane kang sesulih Dewi Sulastri. Bupati Pucang Kembar wis nyiapake calon garwa kanggo Dewi Sulastri, amarga
pancen wis
dadi padatan wektu semana yen jodho iku ditentokake wong tuwa, sanadyan tasih
cilik. Joko Puring iku sing dadi pasangane Dewi Sulastri manggon ing Pucang
kembar, lan deweke wis
direngkuh kaya dene keluargane dhewe.
Kacarita ana ing sawijining dina ana nom-noman kang
bagus rupane putrane Demang Wonokusumo saka Karang Gumelem, teka ing kono sak
perlu arep suwito marang Bupati Citra Kusumo. Satekane Raden Soedjono agawe
Bupati Citra Kusumo goreh atine, arep nampa
pasuwitane Reden Soedjono apa ora. Ana ing kono Dewi Sulastri njaluk supaya
kang rama nampa
pasuwitane Raden Soedjono, ananging Joko Puring ora sarujuk amarga kebak rasa
cubriya. Raden Soedjono bisa ketampa pasuwitane kuwi amarga karo syarat kang
diajokake dening Joko Puring, bilih Raden Soedjono nyambut gawe minangka gamel
(tukang golek suket) lan juru taman.
Ana ing wektu-wektu pasuwitane Raden Soedjono minangka
gamel lan juru taman dheweke katarik marang latian keprajuritan, lan ana ing
pungkasan dheweke mlebu dadi salah sijine prajurit.
Ing sawijining dina Raden Soedjono ketemu karo Dewi Sulastri
ana ing taman sari lan karo-karone padha ngandaraken katresnan. Adhi-adhine
Dewi Sulastri kang sesulih Usmana lan Usmani mangerteni bab iku. Mila banjur
ndadekake sulaya.
Rumangsa ora bisa ngalaheke Raden Soedjono, Usmana lan
Usmani lunga wadul karo Joko Puring babagan Raden Soedjono lan Dewi Sulastri.
Pasulayan Raden Soedjono karo Joko Puring ora bisa
dipenggak maneh. Amarga krasa kalah Raden Soedjono mlayu saka pasulayan.
Dheweke lunga marang Brangkal lan njaluk pangayoman marang Kyai Karyadi.
Jaka Puring ngoyak Raden Soedjono nganti tekan omahe
Kyai Karyadi, nanging Raden Soedjono ora bisa ditemokake amarga umpetan ana ing
lumbung pari. Amarga buronan ora bisa ditemokake, mila Joko Puring lan
adhi-adhine padha bali tanpa kasil.
Sawise dirasa aman Kyai Karyadi ngundang Raden Sodjono
lan nakokake apa sing sajatine kedaden. Raden Soedjono njlentrehake kabeh
kedadeyan sing wis
kadaden. Ana ing pungkasan dheweke njaluk pitedah kanggo ngepek bojo Dewi
Sulastri supaya kaleksanan. Kyai Karyadi menehi pitedah supaya Raden Soedjono
nyepi ana ing sangisore wit Lo kang ana ing desa Grenggeng.
Pungkasane Raden Soedjono tekan ana ing Grenggeng banjur
nggoleki wit Lo kanggo nyepi. Kanthi persiapan lahir lan batin, uga kebak
gegayuhan kaleksanan jiwa lan ragane. Kanthi tekad kang gedhe kanggo entuk Dewi
Sulastri minangka bojo.
Wisiking angin rumesep ing kalbu Raden Soedjono.
Kaprungu swara tanpo rupa, lan manahe bisa nampa swara kuwi.
“ Soedjono, sajatine kasenengan yaiku minangka kasil
saka perjuangan. Yen kowe pengin entuk kasenengan kuwi, mila siapake awakmu
kanggo nglakokake salah sijine dharma bekti marang wong kang wis nggedhekake kowe.”
Barang keprungu swara mau, Raden Soedjono banjur nyekar
ana ing pesareane Panembahan Baribin. Ana ing semedine, Raden Soedjono entuk wisikan
gaib supaya Raden Soedjono nerusaken nyepine ana ing kali Palemahan lan Kali Bantar
sing ana ing tlatah Buayan murih bisa entuk Pusaka Gandik Kencana lan Bancet
Kencana.
Pungkasane apa kang dilakokake Raden Soedjono kasil lan
deweke bisa entuk pusaka Gandik Kencana lan Bancet Kencana kanggo ngalahake
Joko Puring.
Kanthi sesingidan dheweke enggal-enggal menyang Pucang
Kembar saperlu nemoni Dewi Sulastri, banjur nyritakake apa kang wis kadadeyan kanthi
ngati-ngati. Sateruse Raden Soedjono prentah marang Dewi Sulastri, supaya Dewi
Sulastri nyuwun marang kang rama kanggo nganakake giri patembaya.
Kaprungu panjaluke putra kang paling ditresnani mila
Bupati Citro Kusumo ngumumake giri patembaya.
Sauntara ana ing wektu kuwi, Joko Puring njaluk supaya
enggal-enggal didaupake karo Dewi Sulastri kang wis sawetara suwe dadi idham-idhaman ning
atine. Kanggo nampik panjaluke Joko Puring, Dewi Sulastri nduweni panjaluk
supaya karo-karone yaiku Raden Soedjono lan Joko Puring diedu.
Paprangan ora bisa dipenggak maneh. Kadigdayane Raden
Soedjono nyata ana ing sangisore kadigdayane Joko Puring. Mangerteni menawa
idhamaning ati bakal asor ing yuda, mila tanpa mikir dawa Dewi Sulastri
langsung namakake pusaka Gendik Kencana, lan ora mleset ngenani awake Joko
Puring. Joko puring kalah lan mlayu ninggalake arena uga ninggalake Pucang
Kembar.
Amarga menang paprangan lan uga nduweni pusaka Gendik
Kencana lan Bancet Kencana, Raden Soedjono bisa ngepek garwa Dewi Sulastri.
Sawise dhaupane Raden Soedjono karo Dewi Sulastri,
adipati Citro Kusumo menehake kekuasaan marang Raden Soedjono. Dheweke nyingkir
dadi Begawan kanthi sesulih Begawan
Citro Kusumo. Ora sauntara suwe dheweke entuk layang saka mataram kang isine
prentah kanggo numpas brandhalan ono ing Gunung Tidar. Ana ing tapane, Begawan
Citro Kusuma entuk wangsit bilih kang
bisa numpas brandhalan ora liya yaiku mantune dhewe kang sesulih Raden
Soedjono. Kanthi rasa kang abot Begawan Citro Kusumo ngeculake Raden Soedjono.
Ora sawetara suwe Raden Soedjono tekan ing Gunung Tidar
nalika wayah bengi. Ora nyangka yen Raden Soedjono bakal entuk lawan kang abot
yaiku pimpinan garong ing Gunung Tidar. Paprangan gedhe kaleksanan, yaiku Raden
Soedjono lan pimpinan garong Gunung Tidar. Ananging prayata yen kadigdayaan
Raden Soedjono luwih dhuwur ketimbang brandal Gunung Tidar. Pimpinan garong
Gunung Tidar kalah dening tangane Raden Soedjono.
Ing wengi kang peteng lelimengan Raden Soedjono
tumungkul, dheweke migatekake rupane pimpinan garong Gunung Tidar. Rupa iku
nyata banget cedhak ing ati lan pikirane, banget cedhak ing pangeling-eling.
Pungkasane Raden Soedjono ora kuwawa mbendung rasaning ati. Pancen ora pantes
yen sawijining priya nangis, nanging apa ya ana kang bisa mbendung atine yen
sing mati mau kakang kandhunge dhewe kang sesulih Wirakusumo?
Prajurit lan pengawal Bupati Pucang Kembar ditata maneh
amargo arep bali menyang Pucang Kembar. Wirakusumo dadi garong amargo iri karo
adhi-adhine kang dadi Bupati Pucang Kembar lan Bupati Loano.
Bebarengan karo lungane Raden Soedjono menyang Gunung
Tidar pawarta keprungu tekan Joko Puring. Ana ing njero ati Joko Puring tasih
ana rasa tresna marang Dewi Sulastri. Bab iku kang nggawe Joko Puring golek
wektu kanggo ngrebut rasa tresnane Dewi Sulastri maneh
Ana ing sisih
liya, minangka temanten kang anyar, Dewi Sulastri krasa sepi amarga ditinggal
dening wong kang ditresnani iku. Atine Dewi Sulastri nguntab-nguntab amarga
kepengin cepet-cepet ketemu karo Raden Soedjono, mila dheweke gawe keputusan dhewe
kanggo nyusul raden Soedjono ana ing Karang Gumelem. Apa kang dikarepake dening
Dewi Sulastri dimangerterni dening Joko Puring. Mila saka kana Joko Puring
nduweni maksud kanggo nguntit Dewi Sulastri. Ananging pranyata apa kang
dikarepake dening Dewi Lestari ora katurutan. Raden Soedjono durung bali saka Gunung
Tidar.
Ana ing satengahe lampahane Dewi Sulastri, dheweke
dirayu dening Joko Puring kanthi basa kang nggrentesi manah supaya rasa kangen
kang ana ing manah dewi Sulastri bisa kapadhu karo Joko Puring. Ananging Dewi
Sulastri ora nyarujuki panjaluke Joko Puring, amargo kasetyan mujudake
makuthaning wanodya. Dewi Sulastri arep diperjaya menawa ora gelem nglanggati
sing dadi kekarepane Joko Puring. Joko Puring ngruda peksa. Dewi Sulastri arep
digawa lunga menyang Wagir Pandan. Tangan lan sikil Dewi Sulastri ditaleni
dening Joko Puring nganggo Godong Pandan
Kacarita Raden Soedjono wis tekan ana ing Karang Gumelem tanpa
alangan sawiji apa lan ngrukti layone kakangeWirokusumo. Kang rama, Demang
Wonokusumo maringi pamrayoga supaya Raden Soedjono enggal-enggal ngupadi Dewi
Sulastri kang lagi nyusul nggoleki Raden Soedjono menyang Karang Gumelem. Ing
satengahing marga Raden Soedjono ketemu Joko Puring kang lagi golek woh-wohan
kanggo Dewi Sulastri. Joko puring kaget, lan kanthi rikat Joko puring nyaut
Dewi Sulastri, kagendhong lon digawa mlayu nurut pinggiring segara kidul. Raden
Soedjono banget anggone kaget mengerteni yen Dewi Sulastri digawa mlayu Joko
Puring. Kanthi rikat dheweke mbedhul wit Pandhan lan diuncalake menyang Joko
Puring kanthi dilambari kekuatan.
Joko Puring nggawa Dewi Sulastri menyang desa Karanggadung.
Ana ing kana Dewi Sulastri ditinggal dening Joko Puring kanggo golek woh-wohan.
Ana ing wektu kuwi Raden Soedjono bisa nemokake Dewi
sulastri lan saklorone bebarengan ana
ing wit Pandan.
Ing wektu kuwi,
makbedunduk Joko Puring teka kanthi nggawa woh-wohan kanggo Dewi Sulastri.
Ananging sawise meruhi bilih ana ing sajejere Dewi Sulastri ana Raden Soedjono,
mila ana kekarepan kanggo njaga dewi Sulastri supaya ora tiba maneh menyang
tangane Raden Soedjono. Bab iku kaleksanan karo perang tandhing
Sawise paprangan wis
sauntara suwe kaleksanan, pranyata kadigdayan Raden Soedjono luwih dhuwur
ketimbang kadigdayan Joko Puring
Rumangsa yen Joko Puring ora bisa ngalahake Raden
Soedjono mila Joko Puring mundur saka paprangan. Miturut legenda panggonan kang
dienggo kaggo pelariane Joko Puring ninggalake jeneng-jeneng panggonan kayata :
PADHAURIP, GUYANGAN, ALANG-ALANG AMBA,
KEWARU, KARANG BOLONG, BUAYAN.
Raden Soedjono cepet-cepet nemoni Dewi Sulastri kanggo
nyopot talenane. Ana bab kang aneh ana ing kana bilih tali kang kanggo ngiket
Dewi Sulastri lan wit bekas sareane Dewi Sulastri malih warna dadi kuning. Mila
panggonan mau diarani Pandan Kuning.
Ana ing sawijining dina nalika sakloron lagi bebarengan,
ana ing kono katekan Nyi Roro Kidul lan ngomong bilih panggonan kang wis diwenehi jeneng
Pandan Kuning arep didakekake panggonan kanggo singgah ana ing wektu-wektu
kepungkur. Nalika Nyi Roro Kidul ninggalake sakloronan mau yaiku Dewi Sulastri
la Raden Soedjono klambine Dewi Sulastri kang wis kucel digawa dening Nyi Roro Kidul.
Saka kono mila bajur metu kapercayan bilih sapa bae kang
nyepi lan tapa ing papan kono nalika kekarepane kawujud, kedah ngganti klambi
anyar kang wujud : jarik lurik, slendhang modhang, klambi warna ijo gadung.
Sadurunge ngganti klambi Dewi Sulastri kudu kedah nyelehake : piranti kanggo
paes, lenga wangi lan rokok kretek.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar