LEGENDA DESA BERAHAN
Miturut carita, menawa Desa Berahan kuwi duweni legenda.
Nalika ing zaman dhisik ing tlatah Kecamatan Wedung iseh sepi wargane amarga
iseh rupa alas. Ing sawijining dina teka sawijining wong kang asma Kanjeng
Raden Burhan, dheweke kuwi sawijining pemuka agama Islam. Nalika wis tekan ing tlatah
Wedung, Kanjeng Raden Burhan mlaku terus nganti tekan Desa Berahan. Ing wektu
kuwi Desa Berahan uga iseh rupa alas, mula Kanjeng Raden Burhan dhuwe tekad
arep mbabati tanduran ing Desa Berahan nganti enthek. Kanjeng Raden Burhan
kersa mbabati amarga dheweke wis krasa krasan
urip ing tlatah kana lan dheweke uga wis
dhuwe pepinginan arep urip utawa omah-omah ing kana.
Kanjeng Raden Burhan urip karo bojone ing Desa Berahan.
Ndhisike Desa Berahan kuwi durung dhuwe jeneng, sakbubare tanduran wis padha dibabati karo
Kanjeng Raden Burhan, dheweke teras ngendika bilih tanduran kang ana kene kok
akehe ngene yo, ambrah-ambrah ora karuan, mula desa kuwi diarani Berahan.
Ndhisike wong kang urip ing Desa Berahan namung Kanjeng
Raden Burhan karo bojone, nanging saya suwe saya akeh amarga saka anake dhewe Kanjeng
Raden Burhan karo para warga saka desa liya.
Amarga Desa Berahan gedhe, mula dipisah dadi loro yaiku
kang sisih wetan diarani Berahan Wetan lan kang sisih kulon diarani Berahan
Kulon. Berahan Kulon kang dadi panggonane Kanjeng Raden Burhan sakulawarga.
Bedhane Berahan Kulon karo Berahan Wetan ora namung
panggonane, gedhene desa uga dadi bedhane. Menawa Desa Berahan Kulon kuwi
desane cilik, wargane sithik nanging bandha desane akeh. Menawa Berahan Wetan
desane gedhe, wargane uga akeh, desane kapisah-pisah maneh dadi akeh dusun, lan
bandha desane akeh. Kang dadi bates antarane Desa Berahan Kulon karo Desa
Berahan Wetan yaiku kali.
Sakniki Kanjeng Raden Burhan kang dadi perintis Desa
Berahan wis
suwe seda. Kanggo ngormati jasane dheweke, Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing
mburine Masjid Jami` Al Burhan, yaiku masjid Desa Berahan Kulon. Nanging makame
bojone Kanjeng Raden Burhan ing Desa Wedung ora sesandingan karo makame Kanjeng
Raden Burhan.
Ndhisike makame Kanjeng Raden Burhan ora dirumati karo
warga, nanging sakwise ana kadadeyan-kadadeyan kang dianggep aneh mula para
warga gotong royong mbangun makame Kanjeng Raden Burhan.
Makam Kanjeng Raden Burhan nganti sakniki iseh dirumati
kanthi gemati mula isek apik. Menawa ana bagian kang rusak cepet-cepet
didandani. Kanggo ngenang jasane Kanjeng Raden Burhan nalika tanggal 1 Sura dianakake
khoul.
Neng Desa Berahan Kulon kuwi ana Masjid Jami` Al Burhan
kang sejatine kuwi gaweyane Kanjeng Raden Burhan. Masjide kuwi ndhisike bangunane
kaya Masjid Agung Demak. Ing Masjid Agung Demak ana lawang bledege, ing Berahan
Kulon masjide uga ana lawang bledege. Nanging sakniki masjide wis
akeh kang direnovasi amarga wis
tuwa.
Nalika Kanjeng Raden Burhan taksih gesang, dheweke dhuwe
kawibawan lan sekti mandraguna lan disegani karo warga. Anggone nyebarake agama
Islam nganti ngrembaka.
Ing carita bilih putri Dewi Amiswati putrane Prabu
Brawijaya, raja Majapahit kang pungkasan, kepingin sowan ing daleme kanjeng
Raden Burhan amarga dheweke kepingin namba penyakit kulite. Dewi Amiswati gandhane
amis, gudhigen mula dheweke kepingin namba supaya waras. Dewi Amiswati sakwise
tekan ing Desa Berahan Kulon kepanggih kaliyan Kanjeng Raden Burhan kang kaya
disaranake, dheweke banjur diutus Kanjeng Raden Burhan supaya adus ing Sendhang
Kencana. Ing carita Sendhang Kencana kuwi panggonane adus bidadari saka
kahyangan, lan Sendhang Kencana kuwi dalan kang tumuju kuburan ing Desa Berahan
Wetan karo Dukuh Ketapang. Ing kuburan kuwi ana sumure kang ajaib, banyune bisa
kanggo tamba warga liya-liyane, menawa ana bayi kang lair driji tangane utawa
driji sikile kumpul, lan menawa ana bayi kang lair embon-embonane wis thukul rambut putih yaiku
namung ana embon-embon.
Kebeneran ana bayi loro lair kang diajab mau ana. Mula
banyu saka sumur mau bisa kanggo tamba warga kana lan liya-liyane. Amarga ana
kadadeyan kaya mau, ndadekake dukane Pemerintahane Landa, amarga bisa nggawe
cuwane dokter. Teras sumur mau diurug lan ditutup karo Landa nganti sakniki.
Dewi Amiswati saklebare adus ing Sendhang Kencana mau
mbasuh pasuryane lan kulite dadi waras lan gandhane malih dadi wangi, ora amis
maneh. Kanggo mbales budine Kanjeng Raden Burhan, Dewi Amiswati ora gelem bali
menyang Majapahit nanging ngabdi karo Kanjeng Raden Burhan lan gelem didadekake
bojo. Saklebare Dewi Amiswati seda, dheweke dimakamake ing mburine masjid Berahan
Wetan, Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing mburine Masjid Jami` Al Burhan
Berahan Kulon lan bojo kang tuwa dimakamake ing mburine Masjid Al Falah Wedung.
Asal usul tembung Wedung kuwi amarga Kanjeng Raden Burhan mbabat alas ing kana,
alate kang jenenge Wadhung ilang, lan ilange kuwi ing kali mburine Balai Rama
Wedung. Nganti sakniki Wedung dadi nama Kecamatan.
Ndhisike carita wong-wong tuwa cedhak karo ilange
Wadhung ing kreteg, menawa ana wong kang liwat atawa nyebrang ngambet gandha
banger, banjur ngidu teras kemawon tutuke wong mau perot.
Mula carita asal usul Desa Berahan Kulon mau ditulis ing
buku gedhe nganti kertase mangkak lan tulisane nganggo tulisan arab gundul.
Berahan saka tembung ambrah-ambrah ora karuan maksude akeh bandha desane, wong
jawa pakulinane ngucapake Berahan.
Ing Desa Berhan Kulon sisih kidul ana masjid tiban
amarga ujug-ujug ana masjid lan menawa wis
mlebu wektu sholat, bedhuge muni dhewe. Kadadeyan kaya mau ana terus naganti
suwe. Amarga ing wektu kuwi kampung masjid kana ana seni budaya barongan utawa
jaran kepang utawa jathilan lan wargane lali marang Gusti Ingkang Murbeng
Dumadi, kang dielingi namung jathilan. Lan anehe masjid tiban mau sirna utawa
ilang lan bedhuge sakniki ana ing Masjid Terboyo Semarang lan ana tulisane
Bedhug Berahan. Bebarengan karo ilange masjid tiban mau, malah ana tiban maneh
yaiku Balai Rama ana ing sisih wetane lan madhepe adhep-adhepan karo masjid
tiban mau. Balai Rama sakniki taksih ana lan menawa wulan apit ana Sedekah Desa
yaiku ringgit kanggo ngresiki desa. Papan kang dhisike ana masjid tibane
sakniki dibangun Mushola Al Falah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar