Senin, 20 Maret 2017

Cerita dari Kota Rembang " Asal - Usul Desa Sedan Rembang " Bahasa Jawa



Asal Usul Desa Sedan
( Cerita Rakyat dari Sedan Rembang )

Rikala jaman semana para wali nyebarke agama Islam ning tlatah Jawa, sakdurunge kabeh warga isih nganut agama Hindu. Wektu iku penguwasa isih diwengku dening raja ing Majapahit kang duweni gelar Prabu Brawijaya kaping V sakwetara wilayah Kabupaten Rembang wektu semana akeh alase. Penduduk uripe nggrombol ning pedesan cilik tur sepi.
Wusana kahanan kang mengkono teka nom-noman lanang manggon ing alas kono banjur netep mbangun omah kang jarake saka pesisir lor antarane 10 km arah kidul. Syayid tau duwe pesen yen deweke ora gelem di goleki nek pancen wis wancine Syayid are bali, tapi pesen mau ora digubris karo keluwargane. Syayid tetep digoleki keluwargane tapi tetep ora ketemu keluwargane wis putus asa, tapi tetep wae  tetep digoleki keluwargane tapi tetep ora ketemu keluwargane wis putus asa, tapi tetep wae Syayid ora ketemu.
Sakbanjure ing panggonan kang isih wujud alas kuwi nom-noman lanang mau ngajak wong-wong kang ditemoni melu nyinaoni lan nglakoni syariat Islam. Tambah dina tambah akeh wong-wong pribumi kono gelem melu pangajakane pangembara mau kang ora liya sawijining Syayid. Pedesaan wong-wong manca saperlu meguru marang Syayid.
Sakwise ditekani wong-wong manca kang meguru marang Syayid, banjur netep manggon kono. Alas kang maune alas gung liwang liwung ewah dadi desa kang gede akeh penduduke. Kang luweh ngagetke para penduduk sing maune nganut agama Hindu lan patuh aturane kerajaan Majapahit, banjur anut agama Islam lan patuh karo sawijining Syayid kang nggawa ajaran agama Islam mau. Singkating cerita sing maune Syayid mung sawijining pangembara berubah dadi penguwasa ing panggonan kang anyar trus ora suwe dadi pedesan kang rame sing disebut Syayidan. Kang maksude panggonan sing dipanggoni sawijining Syayid, nanging Syayid duwe siji larangan yen wong-wong mau ora entuk ngawe wong sekitar kana podo gelo.
Tindak tanduk lan subasitone Syayid patut kanggo tuladha kang becik penduduk sakiwo tengene, akire pengembara Syayid netep ing kono karo pengikut-pengikute. Ora krasa Syayid wis pirang-pirang tahun ora ketemu keluwargane. Syayid neng desa kuwi dikagumi karo penduduk. Sakwise puluhan tahun Syayid netep ing kono, sakwijining wong kang dikagumi lan dipatuhi karo penduduk dadi pengarep nandang lara banjur tilar donya. Syayid during sempat ketemu keluwargane wis kedisikan tilar donya. Kabeh pengikute lan penduduk sekitare ngelingi jasa-jasane Syayid kang apik senadyan wis tilar donya tetep dadi pengeling-eling jasade dikubur cedak karo omahe banjur kuburane ditanduri wit Jati lan wit kuwi dikeramatke. Wong-wong pada ora wani amarga panggonane wingit terkadang penduduk pernah diweruhi pawongan aneh. Angger meh mahrib wong-wong pada ora wani lewat. Ora mung wong siji sing sering diweruhi pawongan aneh. Wit jati sing umure wis pirang-pirang tahun mau ora tau di demek apa maneh kok di tebang.
Wektu lumaku terus ora krasa wis puluhan tahun suwene, kuburane Syayid angker kasebut manggon kapernah 300 meter arah ngalor saka pasar sedan saiki. Sebutan sedan iku asal mulane saka tembung SYAYIDAN kang artine Syayid. Lha Syayidan ditetepke dadi aran desa nganti saiki. Wong sedan terkenal santri-santri neng sedan ugo akeh wong sing podo dodolan kain, kudung akeh song pada pinter mburdir kain. Kanggo ngormati lan ngelingi tumprap jasa-jasane sang Syayid kang nyebarke agama Islam ing kono. Sebutane Syayidan suwe ning suwe berubah dadi SEDAN. Percaya utawa ora, sing jeles cerita iki tumeka saiki isih diakui kebenarane tumprap masyarakat desa Sedan kecamatan Sedan Kabupaten Rembang.
Syayid biyen tau tukaran karo penyihir jahat sing maune jogo neng alas kuwi nanging Syayid ora gelem ngalah lan pancen Syayid menang. Penyihir kuwi dikalahke Syayid lan akhire mati.
Sadurunge Syayid mati ana wong kang nyamar ngaku-ngaku yen jenenge Syayid tapi wong-wong pada ra percaya, amarga watake karo Syayid beda adoh Syayid apikan seneng nulung wong kang kasusahan nanging wong kang ngaku dadi Syayid mau wonge kasar.
Wong-wong wis pada percaya karo Syayid lan Syayid ditugasake dadi penyebar agama Islam waktu Syayid nek perjalanan ana wong nawani mangan lan ngombe nanging Syayid ora gelem nampani amarga Syayid wis ngerti karep lan tujuan penyihir kuwi. Sakwise Syayid ngrampungake tugase Syayid entuk kenalan putrid ayu banget. Syayid dikenali amarga neng tangan tengene Syayid ana toh.
Syayid akhire nikah karo putri mau nanging Syayid ora pengen ngrebut tahta. Nanging Syayid tetep entuk kekuasaan soko keluarga sang putri mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar