Asal-Usule Kali Blorong
Ing jaman biyen ana cerita ing salah sijining segara
kidul,. ing kana ana panguwasa segara kidul kang sekti mandraguna. Dheweke
dijenengi Nyi Roro Kidul ing kana Nyi Roro Kidul duweni anak wadon kang
diwenehi jeneng Nyi Blorong. Sakwise ngancak dewasa Nyi Blorong lunga saka
panggonane ibune, dheweke kepengin dadi panguwasa kaya dene Ibune. Pesene ibune
“ lungaha saksenenge atimu lan tinggalen aku neng kene dhewekan “ Banjur Nyi Blorong ngulandara ana ing sak
amabane jagad segara. Ananging dheweke ora kasil yen segara-segara kang arep
mbok panggoni mau wes ana panunggune. Nyi Blorong wes kadung janji karo Nyi
Roro Kidul “ibu aku bakalan golek
segara kang bisa tak dadekake panggonanku wodene ibu kang nguwasani segara
kidul kene”. Amerga janji kang kaucap mau Nyi Blorong isin karo ibune menawa
dheweke bali marang segara kidul.
Karo Kreta Kencana kang diwenehi Ibune Nyi Blorong
ngulandara nganti segara lor. Nalikane tekan segara lor Nyi Blorong wes
ditunggu panguwasa segara lor, amerga ilmu kang isih cetek Nyi Blorong kalah karo
panguwasa segara lor banjur mlayu mareng kali kang tepung karo segara lor.
Niyate namung umpetan ing kali sinambi nunggu Nyi Roro Kidul, ibuke menehi
pitulungan. Sakwise pirang-pirang dina, wulan, nganti taun wes kaliwat. Nanging
ibune ora banjur teka, dheweke banjur betah ana ing salah sijining kali mau,
ing kali kono dheweke bisa kerasan amerga ning kono akeh panganan lan
kasenengan kang di karepake nyi Blorong.
Ing dina liya Nyi Roro Kidul nyiyapake
prajurit-prajurite kanggo menehi pitulungan marang Nyi blorong. Ana ewonan
prajurit kang mareng segara lor mau. Ora suwe prajurit mau wes tekan segara lor
banjur nemoni Nyi Blorong. ” Sang
Ratu kula lan prajurit-prajurit siyap biyantu ratu”. Sang ratu wes kedalung
krasan ana ing kali mau, dheweke wes ora kepingin nyerang panguwasa segara lor
malah dheweke dhuwe niyatan mbangun kerajaan roh alus ana ing kali mau. Akhire
Nyi Blorong bangun kerajaan ana ing kali mau, ora gampang. Pirang-pirang taun
Nyi Blorong gawe kerajaane kanthi dadi kerajaan kang megah kang kaidam-idamake
Nyi Blorong. Cerita iki saka penduduk sakiwa
tengene kali kuwi, kawit biyen tumekane saiki diarani kali blorong. Miturut ceritane
kali sing dipanggoni Nyi Blorong kuwi ana ing Kendal, ing kecamatan Ngampel. Amerga
kapercayaan kuwi mula dijenengi kali Blorong. Jaman biyen kaline terkenal
angker, akeh bocah-bocah cilik seneng adus kali tanpa ngerteni menawa sedela
meneh kali kuwi bakalan mludak lan sing adus kali padha kelarut banyu banjur
mati kleleb. Miturute bocah kang slamet saka bencana banjir mau “ ana wong
wadon ayu kang ngawe-ngawe dheweke lan kanca-kancane “ banjur kancane maring
menengah ing kali kuwi. Ora let suwe kali mau banjir mulak-mulak. Banjur bocah
sing menengah marani wong wadon ayu mau mati kleleb.Kawit ana musibah kuwi
wong-wong tuwa sing duweni bocah cilik nglarang anake anggone adus kali “ aja
sepisanan adus ing kali dhewekan, kali sing asale sat banjur bisa dadi banjir
mulak-mulak “ Para
penduduk percaya bocah sing mati ing kali blorong didadekake panganane utawa
ingon-ingone Nyi Blorong.
Ana
cerita saka penduduk sing omahe ora adoh saka Kali blorong, dheweke weroh ing
sawijining dina, kali mau banjir gedhe banjur banyu kali ketara nganti omahe
bapak mau. Saksuwene nyawang kali kanthi ditamatake bapak mau banjur weruh wong
wadon ayu kang nganggo kebaya,pacakane kaya ratu kang ana ing kerajaan jaman
biyen lan numpak kereta kencana ugi dikawal dening prajurit-prajurit kang akeh
cacahe. Sakwise kuwi ana cahya padang jinglah ing tengahing kali Banjur
arak-arakan ngilang, Nanging apa kuwi sing mbok arani Nyi Blorong utawa namung imajinasi
/ khayalane bapak mau.
Angel mbenerake
cerita masyarakat kuwi, ananging namung kepercayaan mau sing ndadekake
kepercayaan kuwi dadi ana. Penduduk
mercayani menawa ing kali kuwi ana kang nunggu, Nyi Blorong. Ananging ora ana penduduk kang
ngelar sesaji utawa ritual-ritual persembahan kaya dene papan-papan liyane sing
ana penunggune..Sakiki Nyi Roro Kidul manggon ana ing segara kidul, minangka
Nyi Blorong manggon ana ing salah sijining kali kang panggonane utawa tembuse
ing segara lor. Kadang-kadang Nyi Blorong bali ana ing segara kidul sowan
marang ibune sing wes menehi pitulungan marang dheweke.
Kali
blorong uga asring diarani kali ula, mergane struktur kali kang
ngrungkel-ngrungkel utawa menggak-menggok ora aturan kaya sifate ula yen wayah
mlaku awake obah kiwa nengen. Uga ana sing ngomong menawa kali kuwi asale
awujud kalen Banjur dilewati ula siluman kang nguwahi struktu kalen mau dadi
mengak-menggok. Saksuwene wayah kalen mau dadi kali kang amba.
Winning303 Agen Togel Terpercaya dan Terbaik saat ini..
BalasHapusDapatkan Angka Mustika Ratu Nyi Roro Kidul Setiap Hari...
Diskon hingga 65%... Tak Perlu Bayar Mahal!!!
Dapatkan ID nya Sekarang Juga...Gratis pembuatan user ID..
Menang Berapun DIbayar...Sudah Terbukti Kualitasnya...
Masih Berani Coba-coba yang lain??
Customer Service 24 Jam
Hubungi Kami di :
WA: +6287785425244
LINE: WINNING303