ASAL
USUL PEKALONGAN
Nalika jaman biyen ,nalika jaman kerajaan
Mataram dipimpin Kanjen Sultan Agung Hanyokrokusuma, ana wong sakti ingkang
asma Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng Cempaluk duwe anak arane Raden Bahu. Wiwit
cilcik Rade bahu wis digembleng ki ageng cempaluk supaya bisa ngwqarisi
kesaktiane. Nalika wis gedhe raden bahu wis ngwarisi kabeh ilmune ki agen
cempaluk.
Wonten ing sawijing dina,raden bahu
diundang ngadep marang ki ageng cempaluk.
"Anakku, saiki kowe wis gedhe wis wayahe kowe ngmalake ilmu sing wis disinauni. Kerajaan Mataram wektu iki
lagi mbutuhake para pemudha sekti kaya kowe,kowe sowana mrana ngabdi marang Kanjeng
Sultan Agung Hanyokrokusuma."dhawuhe Ki Ageng Cempaluk.
"Iggih rama. Sampun dangu kawula anggadahi kekarepan kados
mekaten. Namung donga pangestunipun rama ingkang kawula cadong,supados kawula
saged dipuntampi ngabdi wonten Mataram."jawabe Raden Bahu.
"Aja lali pesenku,kowe aja rumangsa sekti
dhewe,aja sombong. Ing dhuwure langit isih ana langit,ing dhuwure wong sekti isih
ana wong sing luwiih sekti." Wejangane Ki Ageng Cempaluk.
Ing Mataram, Sultan Agung hanyokrokusuma
lagi mikirake kesejahteraan rakyate,yaiku ing bidang pertanian. Sultan Agung bingung
amarga ora ana banyu kanggo ngurusi sawah. Sultan Agung duwe niyat kanggo mbendung
kali kanggo ngurusi sawah ing dhaerah sin kekurangan banyu.
Kali sing wiwit dibendhunhg yaiku Kali
Sambong sing ana ing dhaerah Kabupaten Batang. Senajan wis suwe anggone
mbendhung nanging ora ana asile,wis bola-bali
dibendhung nanging tetep ora ana ambrol. Nalika Kanjeng Sultan lagi bingung
iku, Raden Bahu teka ngadhep marang Kanjeng Sultan. Raden Bahu ngenalake arane
awak dhewene lan anake Ki Ageng Cempaluk. Krungu anake Ki Ageng Cempaluk,Raden
Bahu ditrima ngabdi ing Mataram.
"Bahu,aku tampa pengabdianmu nanging
ana syarate." Pangucape Kanjeng
Sultan.
"Syaratipun menapa kanjeng
sultan." Jawabe Raden Bahu
"Syarate kowe kudu bisa mbendhung
kali sambong ing dhaerah Kabupaten Batang. Yen kowe bisa mbendhung Kali Sambong
kowe bakal tak tampa ngabdi ing Mataram."jawabe Kanjeng Sultan.
Raden Bahu nampa syarate Kanjeng Sultan lan
nyuwun pamit arep mangkat mbendhung kali.
Sakwise tekan Kali Sambong, Raden Bahu ngerti
yen Kali Sambong ana bangsa silumane. Raden Bahu langsung semedi ing pinggire Kali
Sambong lan njaluk pituduh maring Sang Maha Wikan. Sakwise semedi, ula raksasa
gedhe metu saka njerone Kali Sambong lan nyerang Raden Bahu. Raden Bahu gelut
karo ulo raksasa iku,dhasare Raden Bahu wong kang sakti akhire ulo mau bisa
dikalahake lan dikon ngrewangi Raden Bahu mbendung Kali Sambong,lan akhire Kali
Sambong bisa dibendhung.
Kanjeng Sultan Agung katon bungah amarga Raden
Bahu bisa mbendung kali sambong,Raden Bahu akhire ditampa ngabdi ing Mataram.
"Bahu amarga kowe bisa mbendung kali
sambong,saiki kowe tak tampa ngabdi ing mataram." Pangucape Kanjeng Sultan
Agung.
Krungu pagucape Kanjeng Sultan,Raden Bahu katon
bungah sanget.
"Matur agunging panuwun ingkang tanpa
pepindan,Kanjeng Sultan kawula saged dipuntampi ngabdi ing Mataram."
Jawabe Rade Bahu.
"Nanging isih ana tugas maneh Bahu,kowe
tak tugasi methuk(njemput) bocah prawan ing desa salak arep tak dadekake
permaisuriku."tambahe Kanjeng Sultan.
"inggih kanjeng sultan,kawula tampi
kanti bombonging manah."jawabe raden bahu karo nyuwun pamit arep mangkat ing
desa salak.
Sakwise tekan desa salak,Raden Bahu ngandhaake
kekarepana marang wong tuwane bocah wadon iku sing arane Rantamsari yen tujuane
iku diutus Kanjeng Sultan Agung kanggo methuk Rantamsari arep diajak in Mataram
arep didadekake permaisuri Kanjeng Sultan Agung. Ananging Rantamsari nolak
didadekake permaisuri Kanjang sultan agung malah milih Raden Bahu dadi bojone Rantamsari.
Raden Bahu bingung tetep njalanaken tugas apa manut kekarepane Rantanmsari.
Raden Bahu ora duwe daya ngadepi Rantamsari
sing rupane ayu iku,lan milih nuruti kekarepane Rantamsari didadekake bojone
ketimbang njalanaken tugas. Lan ngganti Rantamsari karo bocah wado liya sing
padha ayune kanggo permaisurine kanjeng sultan. Dasare Kanjeng Sultan Agung raja
sing sekti,Kajeng Sultan ora bisa diapusi ngerti sing digawa raden bahu dudu
bocah wadon sing dimaksud Kanjeng Sultan.Akhire Raden Bahu diukum kon mbabat
alas kanggo nebus kesalahane. Raden Bahu bali ngumah lan nyritaake kedadeyan
sing wis dilakoni marang Ki Ageng Cempaluk.
"saiki kowe lagi diuji pakertimu dening
kanjeng sultan agung anakku,nanging kowe malah nganggep enteng."jawabe Ki
Ageng Cempaluk.
"Kowe isih beja anakku,kowe durung
digantung kanjeng sultan namung diukum babat alas."tambahe Ki Ageng
Cempaluk.
"Nanging kula boten saged
rama"jawabe Raden Bahu
"Iku amarga atimu wis ora
suci,anakku. Saiki kowe nyuwun ngapura marang sang maha wikan lan njaluk
pituduh kepriye carane mbabat alas gambiran iku. Kowe kudu tapa kaya tapane
kalong,"pangucape Ki Ageng Cempaluk.
Raden Bahu langsung manut apa wejangane Ki
Ageng Cempaluk. Dheweke tapa ngalong yaiku kaya tapane kalong,sikile ning
dhuwur lan sirahe ning ngisor ing wit gorda sing gedhe. Sangkin khusuke
anggoning tapa,kanti-kanti bangsa siluman ora wani nggoda,ora kuwat nggadepi
hawa panas sing sumunar saking ragane Raden
Bahu. Raja siluman sing awujud raksejsa teka arep nggoda Raden Bahukari nggawa
pedang nangging tetep kalah kena pedange dhewe.
"Ampun tuwan,ampun aku njaluk
maaf,"unine rakseksaa iku marang Raden Bahu.
"Kowe bakal takmaafaken nanging ana
syarate,"jawabe Raden Bahu marang rakseksa iku.
"Syarate apa tuwan,"pitakone
raseksa.
"Syarate kowe kudu gelem mbantu aku
mbabat alas gambiran iki,"jawabe Raden Bahu.
"Ya,aku gelem tuwan,"jawabe
raseksa.
Raja siluman ngajak rakyat siluman sing
jumlahe akeh,ora let suwe akhire alas gambiran iku rampung dibabat. Lan Raden
Bahu ngarani alas gambiran iku ngganggo sebutan Pekalongan,amarga Raden Bahu anggone
mbabat alas gambiran iku diwiwiti tapa ngalong hisit.
Raden Bahu kuciwa amarga apa sing nembe
dikerjaake ora kaya watake satriya.Kanjeng Sultan nduweni niat arep ngukum raden
bahu lan menehi kesempatan Raden Bahu kanggo ngowahi kabeh kelakuane.
"Bahu isih ana tugas maneh kanggo
kowe yaiku mbikak alas gambiran,yen kowe butuh prajurit,kowe nggawa prajurit
saiki kowe mangkata,"parentahe kanjeng sultan.
Raden Bahu mangkat dhewe ning alas
gambiran,prajurite padha wedi amarga alas gambiran trkenal angker,panggonane
siluman lan kewan-kewan. Wong sing mlebu alas gambiran mesti ora bali maneh.
Nalika Raden Bahu nembe arep mbukak alas
gambiran,Raden Bahu langsung diserang dening bangsa siluman sing sekti-sekti.
Pancen bener wejangane Ki Ageng Cempaluk,ing ndhuwure wong sekti isih ana sing
luwuh sekti maneh. Raden Bahu ora bisa nampani serangan-serangane para
siluman,amarga jumlahe akeh lan sekti-sekti kabeh. Raden Bahu mlayu metu saka
alas gambiran ora bisa nandingi kesektiane para siluman mau.
Ana ing njabane alas,rupane Raden Bahu katon
suntrut lan isin. Arep bali ning Mataram wis ora wani,nalika Raden Bahu lagi
binggung,dumadakan keprungu suarane Ki Ageng Cempaluk.
"Rama," unine Raden Bahu karo
kaget.
"Ya,sing teka ini ramamu ora usah
kaget,rama ngawasi kowe terus saka mburi. Rama ngerti yen kowe lagi kena bebaya
amarga kaluputanmu dhewe,"jawabe Ki Ageng Cempaluk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar