KERIS RAMBUT PINUTUNG DAN KULUK KANIGARA
Miturut cerita kang ana ing masyarakat lan kang wus
kasebut ana ing kitab Babat Pati lan Kitab Babat liya uga nyebutake “KERIS
RAMBUT PINUTUNG LAN KULUK KANIGARA” mujudake lambang kekuasaan lan kekuatan
sing uga mujudake symbol kesatuan lan persatuan.
Sapa wonge kang duweni kekarone yaiku Keris Rambut
Pinutung lan Kuluk Kanigara bakal bias nguasani lan madeg keprabon ing tlatah
Jawa. Dene kang duweni pusaka kasebut yaiku Raden Sukmajaya Panggede Majaseni
jagone Kadipaten Carangsaka.
Ana pungkasane abad kaping XIII udakara taun 1292 M, ing
tlatah Jawa ora tinemu maneh pamarentahan kang duweni wibawa. Kraton Pajajaran wis lekas bubar, semana
uga Singasari, dene Majapahit during madeg.
Ing pesisir lor tlatah tanah Jawa Tengah sakkupenge
gunung Muria ing sisih kidul madeg kadipaten kang dipimpin Adipati.
Ing papan kana dikuasani karo wong lara yaiku:
1.
Penguasa ing Kadipaten
Paranggaruda, dene Adipatine aran “Yudhapati” kang dadi daerahe yaiku saka
pinggire kali Juwana mengidul, nganti gunung gamping sisih lor nganti pinates
karo kabupaten Grobogan. Duweni putra kanga ran Raden Jasari.
2.
Penguasa ing Kadipaten
Carangsaka, dene kang nguasani Kadipaten Carangsaka aran Adipati “Puspa
Andungjaya”. Kang dadi daerahe yaiku kali Juwana mengalor nganti pesisir lor
sisih wetan. Adipati Carangsaka duweni anak wadon siji kanga ran “Rara
Rayungwulan”
Kadipaten kekarone pada urip rukun lan tentrem.
Pada-pada ngrumat lan ngregani saengga kerukunan lan pasedulurane saya kuwat.
Kekarone duweni karep dhaupake putra putrine. Adipati Paranggaruda kang kautus
kanggo nglamar Rara Rayungwulan wis
ditrima. Ananging Rara Rayungwulan jaluk bebana mbesok nalika dhaupe njaluk
ditanggapake wayang saka dalang kondhang kanga aran “Sapanyana”. Kanggo
nyanggupi panjaluke mau Adipati Paranggaruda nugasake Penggede kemaguhan kanga
ran Yuyurumpung Agul-agul Paranggaruda. Sakdurunge nindakake tugase, luwih
dhisik Yuyurumpung duweni niyat ngalahake kawibawane Kadipaten Carangsaka.
Kanthi nguasani pusaka duweke Sukmayana ing Majaseni. Kanthi direwangi Usundong
Majeruk pusaka mau bias dicolong. Ananging sakdurunge pusaka mau diwenehake
marang Yuyurumpung bias direbut maneh karo Sondong Makerti saka Wedari. Sondong
Majeruk tewas nalika gelut karo Sondong Makerti lan pusaka mau dibalekake
marang raden Sukmayana. Kepinginane Yuyurumpung kanggo nguasani lan duweni
pusaka mau ora keturutan. Mbekngono Yuyurumpung tetep nerusake tugase nggoleki
dalang Sapanyana kareben dhaupe putra Adipati Paranggaruda kalaksanan kanthi
becik. Ing malem pahargyan kang dilaksanakake ing Kadipaten Carangsaka kanthi
pagelaran wayang kulit Ki Dalang Supanyana.
Ora dinyana
pahargyan mau lagi wae lekas ujug-ujug manten sakbanjure mlayu karo dalang
Supanyana. Pahargyan dhaupe Raden Jasari lan Rara Rayungwulan dadi bubar.
Adhipati Yudhapati krasa yen digawe isin dadi banget dukane. Nyatakake musuh
marang Adipati Carangsaka. Perang ora
bias kacegah maneh. Raden Sukmayana saka Kadipaten Carangsaka kang
minangka pimpinane perang tatu parah sakbanjure mati dene Raden Kembangjaya
minangka adhine Sukmayana nerusake peperangan. Kanthi direwangi Dalang
Supayana, lan migunakake pusakane Sukmayana prajurit Paranggaruda bisa
dikalahake. Adipati Paranggaruda, Yudhapati lan anake lanang mati ing
sakjroning palagan mbelo kahurmatane.
Merga jasane Raden Kembangjaya di dhaupake karo Rara
Rayungwulan diangkat dadi gantine Carangsaka, dadi dalang Sapanyana diangkat
dadi Patihe kanthi jeneng Singasari. Kanggo ngatur kawilayahan kang saya amba
wilayahe ing sisih kidul. Adipati raden Kembangjaya mindhahake pusat kekuasaane
saka Carangsaka menyang desa Kemiri kanthi jeneng Kadipaten Pesantenan. Lan
duweni gelar Adipati Jayakusuma. Adipati mau mung duweni anak siji yaiku Raden
Tambra. Sakwise bapake mati Raden Tambra diangkat dadi Adipati ing Pesantenan
kanthi gelar Adipati Tambranegara. Saklawasedeweke nglaksanakake tugas
pamarentahan. Adipati Tambranegara tumindak arif lan wicaksana. Dadi paying
agung kang mratelakake nasib rakyate. Uga dadi pengayom tumprap rewange. Rakyat
urip kanthi rukun, tentrem ayem lan sejahtera. Kangggo ngembangake pembangunan
lan mujudake pamerentahan ing wilayahe Adipati Raden Tambranegara nindhakake
pusat pamerentahan kadipaten Pesantenan kang sakdurunge ana desa Kemiri
mengulon yaiku desa Kaborongan. Lan ngganti jeneng Kadipaten Pesantenan dadi
Kadipaten Pati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar