Kyai Raden Adipati
Wirohudoyo
Abad XV Purbalingga, Banyumas, Banjarnegara esih
wujud hutan. Adipati kang sepisan duwe
gelar Raden Adipati Wirohudoyo. Mbojo karo anakeSri Prabu Mundingkawati saka
kerajaan Ciridang Barang Sidamar.
Kyai Raden Adipati Wirohudoyo diwei Gongso Slendro saka sang
prabu Mundingkawati, kang dadi pusakane kabupaten Banyumas. Mangsa pemerintahan
Sri Sultan Hamengkubuwono I pusaka kuwi dipindah maring Kraton Yogyakarta lan
dijenengi Kyai Surakwaja (th 1755).
Raden Katuhu ngembara sekang Banjar nganti tekan
kabupaten Wirasaba kang nduweni tujuan arep ngabdi marang sang adipati
nanging panjaluke durung bisa
diwujudake, terus ngabdi marang kyai Ageng Buwarah, sedulure Adipati Wirasaba.
Raden Katuhu jujur, setia lan sregep nyambut gawe, mula
kyai ageng asih banget. Aben dina mangkat bareng maring kebone kyai ageng kang
amba banget wong loro pada sregep banget nyambut gawe ana nang kebon kang subur
lan akeh tandurane saking senenge nyambut gawe ora kebon kuwi Joko Katuhu
sering orang gelem dijak bali dening Kyai Ageng, alasane akeh banget. Mula ana
rasa curiga (cubriya) ing atine kyai ageng apa ana rahasia kang disimpan nang
Joko Katuhu. Sawijining dina kyai Ageng nylidiki lan umpetan nang buri
wit-witan samping kebon kuwi. Gaweyan apa kang arep dilakokake sawise rampung nyambut
gawe, Joko Katuhu ngumpulaken kayu-kayu lan godong-godong garing nganti akeh
terus dibakar. Nang tengah-tengah geni
kang urip gede banget Joko Katuhu mlumpat nganti suwe banget. Metu saka geni
mau Raden Joko Katuhu katon segar banget kaya nembe rampung adus, ora ana cacat
nang awake banjur bali menyang ngumah.
Menangi kedadeyan kuwi kyai Ageng kaget lan bingung,
banjur matur karo Kyai Adipati Wirahudoyo. Joko Katuhu diundang kanggo ngadep
Kyai Adipati lan ditakoni asal-usul kaluwargane. Saka asal-usule mau Joko
Katuhu dianggap dadi anake lan mbojo karo anak kang putri, Rara Mukatimah,
Kadipaten Wirasaba esih melu kakuasaane kerajaan
Majapahit, setahun sepisan para Bupati mancanegara wajib nglaporaken hasil
tanine. Wektu samono, kyai adipati wirohudoyo ana alangan, ora bisa menyang
Majapahit. Joko katuhu dikancani Kyai Bawang diprentah supoyo nglaporake
menyang majapahit.
Ana ing majapahit akeh upati mancanegara ngadegaken umah
kanggo ngaso dhewek-dewek, ing kene ana keanehan kang disebabake ilmune jaka
Katuhu. Saben wengi malem Jumat pasanggrahan Wirasaba keton kebakar, nanging
yen dicedaki ora ana apa-apa. Keanehan kuwi wis kedadeyan bola-bali, Adipati
Wirasaba ngerti banjur ngundang jaka Katuhu. Sang Prabu ngerti yen adipati
Wirohudoyo ora duwe anak lanang, jaka Katuhu ditakoni saka endi asal-usule.
Jaka katuhu ngaku apa anane yaiku anak sulung R Harto Baribin pandhito putra
saka Pakuhan parahyangan, krungu katrangan kaya mengkono, adipati wirohudoyo
abang raine lan kaget kelingan kedadeyan ilange R Haryo Baribin saka majapahit
kang wis suwe.
Keris kang dienggo Joko Katuhu disuwun terus diteliti,
pancen bener pusaka kuwi dhuweke adhine. Adipati Wirohudoyo ngakoni kekeliruane
marang adhine nganti ngusir saka majapahit. Kanggo nebus kesalahane, sang prabu
ngangkat Joko Katuhu dadi adipati anom ing sekitare gunung sindoro sumbing, lan
Joko Katuhu didhaupake karo dewi Sampur putrane sang prabu lan diwenehi hadiah
kang arupa gajah. Swisw kabeh rmpung, Joko Katuhu bali menyang Wirasaba kanggo
ngayahi pegaweyan kang ana ing Kadipaten.
Hadiyah kang kaya mengkono kuwi, gawe irine kyai Bawang.
Dheweke nyesel kok dudu aku kang kautus makili adipati Wirohudoyo. Dheweke
nduweni kreteg ala kanggo ngilangi Joko Katuhu. Kyai Bawang wektu balik menyang
Wirasaba njaluk ijin balik dhisitti lakune, alesane kanggo nyiapake upacara
wisudane Joko Katuhu. Tekan ing Wirasaba dheweke wadul menyang Kyai Adipati
Wirohudoyo yen Joko Katuhu arep ngrebut kalungguhane kyai adipati. Kyai Bawang
nyuwun ijin arep methuk Raden Joko Katuhiu kanthi nggawa wadya bala saka
kabupaten. Kyai wirohudoyo sejatine ora percaya marang wadulan mau, nanging
akhire Kyai Wirohudoyo ngijinake kyai Bawang nggawa wadya bala.
Rombongan Kyai Bawang ketemu karo rombongane Joko Katuhu
ning Kalipalet (saiki Banjarnegara). Saka perang omongan nganti tekan
peperangan kang rame lan sengit banget. Ana nang perang kuwi Kyai Bawang karo
anake loro lan para wadya balane padha mati kabeh, mayat mayate kuwi digawa
menyang Wanasoba.
Butul nang Wirasaba Raden Joko Katuhu disambut apik
lan rame banget dening para rakyat
kadipaten. Raden Joko katuhu nglaporaken
kedadeyan kabeh kang wis tau dialami dheweke yaiku tau dadi duta sang
adipati lan didadeake adipati arom nganti meh bae dadi korban fitrahe kyai
Bawang padahal raden Joko Katuhu percaya banget marang dheweke.
Sanak kaluwarga kadipaten senang lan ngucapaken syukur marang
karunia kang diwenehake marang anak angkate. sang adipati. ngraos menawi
dheweke wis krasa tua, jabatan adipati diwenehaken maring Adipato Anom Jaka
Katuhu, kang nduweni gelar Kyai Raden Adipati Wirahudoyo.
Nganti matine Kyai Adipati Wirohudoyo umah-umah ana ing
desa kecepit (daerah Banyumas) lan jenajahe disarekaken ing pesarean pakukceh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar