Asal - usul Pantai Widuri ing Kutha Pemalang
Ana ing abad XV,
pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. warga kang manggon ana
pesisir iku isih langka lan sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah
Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan.
Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad,
nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro
kae ngrajut benang-benang tresna lan tali kasih urip rukun bebrayan kaya
critane Rama Shinta ing epos Ramayana. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan
yaiku tani, ngolah sawah kang maune
arupa raw-rawa sak dawane pesisir
segara. Nandur palawija lan semangka.
Ing sakwijining dina, esuk-esuk nyai Pedaringan dhewekan
ing gubuge, isih nyiapake sarapan, panganan kang paling disenengi kaki Pedaringan
kang saiki ana ing sawah adoh saka omahe. Merga kaki Pedaringan isih gawe lahan
anyar kang mengkone ditanduri palawija. Ora let suwe teka wong lanang kang
bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih
mlongo sajake bingung banjur si nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka
dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, getih
kae katon nyata nanging ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman
pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai
Pedaringan.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake awake kanthi santun
nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Nyata bocah
bagus mau yaiku pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang
lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan
saka Cirebon. Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa
Tengah saka Mataram.
Pungkasane Salingsingan bisa dikalahake lan pangeran
Papak Purbaya bisa selamet. Ana ing dalan tumuju Mataram, pangeran Papak
Purbaya weruh gubug, dheweke kepengin mampir lan njaluk tulung diobati larane. Banjur Nyai Pedaringan
ngrewangi ngobati. Ora suwe wong loro mau dadi cedhak. Tekan awan, pangeran Purbaya pamit bali arep
nerusake lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake kerise kanggo bebungah marang
nyai Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen keris mau diarani Simonglang iku
dijaga lan diopeni. Uga dikarepake yen mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah
iku lan kang duwe hak nduweni sarta ngrawat keris iki yaiku kluwarga Pedaringan
lan keturunane.
Sapa-sapa ora nduweni hak njupuk keris mau kajaba pangeran
Papak Purbaya utawa wong sing kabeh driji tangane papak kaya duwene pangeran
Papak Purbaya. Pangeran Papak Purbaya nerusake perjalananen marang kidul. Ing
tengah-tengah lakune dheweke kudu ngliwati kali cilik saka arah wetan lan
ngalir tumuju kulon kang lokasine cedhak karo segara (ing basa jawa: Malang) dheweke kaya
entuk ilham utawa wangsit saka sing gawe urip kanggo menehi jeneng dhaerah iki “Pemalang”.
Kisahe, wis
rada sore kaki Pedaringan nembe bali ngomah, Kaki Pedaringan rada getun lan
gumun, biasane nyai Pedaringan nggawake panganan nanging nganti sore kaya iki
si Nyai ora marani. Getun dadi cemburu merga kaki ngonangi nyai Pedaringan isih
nyekeli keris kang dudu duweke Kaki Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh
penjelasan nerangake kepriye critane dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki
Pedaringan ora gelem nrima penjelasan saka nyai, malah dadi ribut.
Ing akhir tukarane, Nyai Pedaringan nyabut kerise kanggo
mbuktike tresnane, keris mau dienggo ngiris drijine. Getih kang seger mau netes
saka drijine kang lentik. Nyai Pedaringan sumpah menawa tetesan getih kang
diolesake ing kembang widuri bisa ngowahi warnane (warna kembang widuri putih)
nanging yen kembang widuri mau bisa dadi warna ungu, iku tandane tresnane isih
suci. Ndeleng kedadeyan mau, kaki Pedaringan dadi gela lan njaluk pangapura marang nyai
Pedaringan.
Kanggo nebus dosane kaki Pedaringan karo nyai Pedaringan
arep nyusul lan nggoleti pangeran Papak Purbaya. Nanging nganti saiki kaki
Pedaringan ora tau bali. Saiki nyai Pedaringan kang diarani “Nyai Widuri” urip
dhewekan karo bayi kang isih ana ing wetenge. Nganti akhir umure, nyai widuri
dadi randa. Saiki jeneng widuri diabadikake kanggo jeneng desa, merga nyai
widuri tau urip ning kono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar