GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG
Ing jaman kraton utawa kerajaan
Jenggala kang manggon ing jawa wetan, rajane jenenge Prabu Banjarsari utawa
Raden Kudalaban. Prabu Banjarsari kalebu raja kang disenengi rakyate amarga
dheweke duweni rasa welas lan asih marang rakyate nanging dheweke uga duweni
kasenengan yaiku tapa ing jero guwa olehe tapa tekan ngendi-ngendi nganti
sawijining wektu dheweke tapa ana ing guwa kang manggone ing Gunung Kumbang cethane
ing tlatah Salem. Guwa mau diarani Guwa Terusan.
Nalika dheweke tapa dheweke entuk wangsit saka
dewa munine kraton Jenggala bakal rubuh rata karo lemah lan arep dadi alas
maneh mula Sang Prabu kudu nggolek panggonan liya lan mbangun kraton anyar.
Sawise nampa wangsit kaya mangkono Prabu Banjarsari banjur bingung dheweke tapa
maneh lan ing tapane sing kapindho dheweke ditekani karo Eyang Prabu Sindula.
Eyang Prabu Sindula ngendika yen Prabu banjar sari kudu babad alas kang ana ing
mburine Gunung Kumbang lan olehe babad alas mau kudu dhewekan ora entuk nggawa
prajurit. Ing kono Prabu Banjarsari banjur takon piye yen nganti nggawa
prajurite? Eyang Prabu Sindula mangsuli mengko bisa ndadekake bebendu tumrape
rakyate. Sawise mangsuli pitakon mau Eyang Prabu Sindula banjur ngilang.
Prabu Banjarsari tansaya bingung, dheweke arep
lunga apa ora yen nganti rakyate ngerti yen rajane lunga mesthi padha ngetutake
sawise mantep Prabu Banjarsari mutusake lunga babad alas mau. Ora let suwe
kraton Jenggala banjur geger amarga kelangan rajane sing lunga ora pamit.
Rakyate padha bingung ora ngerti kudu kepiye kena digambarake kaya kuthuk
kelangan babone. Jenggala dadi morak-marik ora ana aturan uripe padha nganggo
sakarepe dhewe begal, rampog padha metu wong-wong akeh sing dadi korbane.
Ora betah karo kahanan mau saperangan
rakyat Jenggala nekani Kaki lan Nini Setomi sing oraliya rakyat Jenggala sing duweni
kadigdayan lan kasugihan. Wong-wong padha takon bab lungane Prabu Banjarsari
nanging Kaki lan Nini Setomi uga ora ngerti ning ngendi lungane Prabu
Banjarsari. Nanging Kaki lan Nini Setomi banjur kandha karo rakyat Jenggala yen
dheweke arep semedi njaluk pitutur dewa. Krungu kandhane Kaki lan Nini Setomi
rakyate banjur padha ngenteni semedine.
Ing semedine Kaki lan Nini Setomi entuk warah
yen lungane Prabu Banjar sari ngulon. Pitutur mau banjur dikandhakake karo
wong-wong sing ngenteni. Kaki lan Nini Setomi banjur nari wong-wong mau piye
yen nusul Prabu Banjarsari? Wong-wong mau banjur padha rembugan lan mutusake
arep nusul Prabu Banjarsari. Esuke rakyat Jenggala wis padha siap arep mangkat
kabeh bandhane digawa ingon-ingonane kayata wedhus, sapi padha digawa sawise
padha kumpul ing plataran kraton banjur padha mangkat, rombongan mau dipimpin
dening Kaki lan Nini Setomi. Rombongan mau padha mlaku ngulon, anggone mlaku
nganti pirang-pirang wulan.
Saben ana panggonan sing dianggep aman padha
leren biasane terus padha guneman. Bareng wis mlaku rombongan mau tekan ing
Gunung Kumbang. Ing kono Kaki lan Nini Setomi banjur semedi ing Guwa Terusan
anggone semedi ana ing sanjabane guwa. Nanging ning kono ora padha ngerti yen
ing jero guwa Prabu Banjarsari isih
tapa. Ing tapane Prabu Banjarsari ditekani Eyang Prabu Sindula dheweke diwekas
supaya ngrampungake tapane lan nemoni Kaki
lan Nini Setomi sing lagi semedi. Ing kahanan liyane Kaki lan Nini Setomi uga
ditemoni karo Eyang Prabu Sindula lan diwenehi ngerti yen Kaki Setomi arep
didakekake patihe Prabu Banjarsari nanging ana sarate, sarate yaiku kudu
ngrewangi Prabu Banjarsari mbabad alas kang ana ing burine Gunung Kumbang.
Sawise ketemu karo Kaki lan Nini
Setomi wong loro banjur kangen-kangenan banjur padha nemoni rakyate. Rakyat
Jenggala nemen getone nalika weruh rajane maneh banjur padha tangisan. Prabu
Banjarsari banjur crita bab lungane saka Jenggala, dheweke uga nyritakake yen
arep babad alas kanggo mbangun kerajaan anyar. Alas sing arep dibabad mapan ing
Burine Gunung Kumbang iku biyene duweke krajaan Galuh.
Alas mau alas gung liwang-liwung ora
ana jalma manungsa kang wani ngambah amarga ing kono ana sing mbaureksa. Manut
critane wong sing manggon ing sakiwa tengene alas ing alas kono ana kerajaan
siluman sing gedhe ratune saka bangsa manungsa sekti mandraguna jenenge Dewi
Ginawati dheweke uga bisa malih rupa dadi apa wae.
Krungu crita mau Prabu Banjarsari lan
Kaki Setomi ora duweni rasa wedi dheweke tetep mantep arep mbukak alas Galuh mau.
Sawise tekan alas mau banjur wiwit resik-resik Dewi Ginawati krungu kabar saka
prajurite sing nglaporake yen ana wong sing ngrusak lan gawe geger. Dewi
Ginawati murka amarga rumangsa diusik panguasane dheweke ora trima karo
wong-wong sing digawa dening Kaki lan Nini setomi Dewi Ginawati terus mimpin wadya
balane mateni Prabu Banjarsari sakrayate.
Ing kono Dewi Ginawati sakwadya balane perang
kanthi cara nyebar lelara. Wong-wong padha lara nanging ora ngerti apa sejatine
sing kadaden amarga ora weruh wujude wadya balane Dewi Ginawati sing wujude
lelembut. Wong-wong sing keno lelara akeh sing mati, Prabu Banjarsari bingung
kepriye carane ngatasi pageblug mau
Dheweke banjur kongkonan Nini Setomi supaya semedi njaluk pitutur priye
carane ngrampungi pageblug mau. Nini Setomi banjur semedi ing semedine Nini
Setomi entuk wangsit sing munine dheweke kudu golek bawang lanang lan jahe
banjur dibebeg lan dicampuri banyu saka pitung sumber sing beda.
Sawise dadi, ramuan mau diwenehake marang Prabu Banjarsari lan Kaki
Setomi supaya disiramake ing panggonan-panggonan sing wingit. Sawise ramuan mau
disiramake ing papan wngit. Sanalika wadyabalane Dewi Ginawati sing wujude
lelembut banjur ketok, prajurite Prabu Banjarsari padha kaget weruh lelembut
sing gawe pageblug. Saka panyawange para wong sing melu perang bangsa lelembut
mau padha ngglethak kepanasen, ora duwe daya amarga kena ramuane Nini Setomi.
Lelembut liyane padha mlayu pontang-panting ora karuan, ngerti wadyabalane
kalah Dewi Ginawati banjur maju perang dhewe.
Nanging polahe banjur diendhegake karo
Prabu Banjarsari ing kono kadaden perang gedhe antarane Prabu Banjarsari lann
Dewi Ginawati. Amarga padha sektine kaya-kaya perang mau ora bakal rampung.
Nanging saya suwe Prabu Banjarsari ngerti wadine Dewi Ginawati yaiku wedi karo
ramuan sing digawe Nini Setomi. Kaki Setomi sing nyawang perang mau banjur akal
dheweke nemoni Nini Setomi njaluk ramuane untunge isih ana sethithik banjur ramuan mau
diwenehake karo Prabu Banjarsari.
Sawise ngerti yen Prabu Banjarsari
duwe ramuan sekti mau, Dewi Ginawati banjur ngaku kalah lan dheweke gelem
dipekbojo dening Prabu Banjarsari. Sawise ngalahake Dewi Ginawati Prabu
Banjarsari mbangun kerajaan Galuh Anyar ing alas mau. Prabu Banjarsari rajane
lan Kaki Setomi patihe. Dewi Ginawati banjur dadi bojone Prabu Banjarsari
sawise bebojoan suweakhire Dewi Ginawati nglairake anak wadon sing dijenengi
Dewi Lara Angin-Angin. Bareng wis gedhe anake mau ora gelem kawin lan malah
lunga saka kraton. Critane sang Dewi Lara Angin-Angin saki dadi ratuning laut
kidul.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar