Ki Ageng Pandanaran
Crita iki diwiwiti
saka Kerajaan Demak Bintara, kerajaan Islam sing sepisan neng tlatah Jawa,
rajane jenenge Raden Patah. Dheweke keturunan Brawijaya sing omah-omah karo
putri Tiongkok. Merga tlaten dheweke bisa mbangun krajaane sing ndadekake
rakyate urip makmur lan bias tentrem anggone nglakoni ibadah agamane. Sawise
Raden Patah seda, mula sing nggenteni dadi raja ora liya anak mbarepe sing
jenenge Pangeran Sepuh utawa Pangeran Sepuh Sabrang Lor. Pangeran iki duwe anak
lanang jenenge Pangeran Made Pandan lan dikarepake sing bakal nggenteni dheweke.
Nanging, apa sing dikarepake dening Pangeran Sepuh Sabrang Lor ora bakal
kawujud, merga Pangeran Made Pandan ora gelem dadi Sultan. Dheweke kepengin
dadi ulama gedhe lan nyepi arep nglakoni tapa, uga ngangsu kawruh bab agama.
Dhek bapake seda, kuwasane diwenehake marang Paklike, Raden Trenggana diangkat
dadi Sultan Demak ketelu. Pangeran Made Pandan banjur ninggalake Kasultanan
Demak lan ngumbara nuju arah Kidul sig ora bakal dingerteni dening sedulur
Kasultanan.
Sajroning
pangumbaran, dheweke mesthi ngajarake lan ngangsu kawruh bab agama Islam. Saya
suwe anggone mlaku, lan ora dirasa dheweke wis tekan ing sawijining panggonan
sing diarani Bergota. Neng panggonan iku, dheweke ngedegake pondho-pondhok
pesantren kanggho para pandhereke kanggo ngangsu kawruh lan nyebarake agama
Islam. Kanthi sarujuke Sultan Demak, Pangeran Made Pandan mbukak alas anyar lab
ngedegake omah uga gawe kampung. Ngelingi alas mau akeh wit asem arang-arang,
tegese asem sing jarake adoh-adoh, mula diarani Semarang (asale saka tembung
asem “asam”, lan arang “jarang”). Merga tlaten lan sabar anggone mulang warga
bab agama, Pangeran Made Pandan banjur kesuwur kanthi paraban Ki Ageng
Pandanaran. Banjur dheweke ngedegake Kabupaten Semarang sing diestoni dening
Sultan Demak lan Ki Ageng Pandanaran diangkat dadi bupati sing sepisanan ing
Semarang. Dheweke nglakoni pamarentahan kanthi wicaksana lan tlaten. Ki Ageng
Pandanaran duwe anak sing uga kesuwur kanthi paraban Ki Ageng Pandanaran.
Pungkasane, Bupati Pandanaran (Pangeran Made Pandan) tilar donya. Lan
disarekake ing Pegunungan Pakis Aji (Telomoyo) sing manggon ing sisih wetan
Bergota. Ki Ageng Pandanaran nggantekake kalungguhane bupati Semarang merga
saka warisane jenate bapake. Dheweke mimpin Pamarentahan kanthi apik lan mesthi
manut karo ajaran-ajaran Islam kaya dene jenate bapake. Nanging suwe-suwe ana
owah-owahan. Dheweke sing maune apikan aten iku saiki wis malih dadi luntur.
Tughas-tugas pamarentah sing maune digarap nganti rampung lan tumata kanthi
thirik-thirik, saiki wis wiwit kerep ora digubres lan digarap, apa maneh
pondhok-pondhok pesantrene lan panggonan kanggo ngibadah sing wis wiwit ora
dirumat maneh. Nanging bejane sing kaya mangkono mau nuli dimangerteni dening
Sultan Bintara, mula oa dadi kedarung-darung tekan ngendi-endi.
Sultan Demak
ngupayakake kanggo nginsyafke Ki Ageng Pandanaran kanthi prantaran utusane,
nanging kekarepane Sultan Demak ora diwangsuli nanging malah diece
entek-entekan. Ngerteni kahanan sing kaya mangkono, mula Sultan Demak nganakake
rembugan gedhen sing bakal ditekani dening para pejabat lan tokoh agama, ing
antarane para Walisanga. Kanggo ngemban tugas kuwi, diputuske yen sunan
Kalijaga ditunjuk dadi utusan Sultan Demak. Sunan kalijaga nyamar dadi tukang suket sing nawakake dagangan
sukete neng plataran Kabupaten Semarang kanggo pakan jaran piyaraane. Sawise
suket mau dituku, banjur dibongkar dening tukang jaran sing pranyata ing jerone
mau ditemokake emas sakepel sing pating kumeclap. Emas sakepel mau banjur
diakoni dening sang bupati dadi duweke. Kahanan kaya mangkono iku kedadeyan
nganti ping pirang-pirang nganti emas sing ditampa yen dijumlahke wis mesthi
akeh banget lan samsaya srakah lan tamak bae bupati mau. Nalika tukang mau
ngandhakake marang sang bupati ngenani emas sakepel mau nanging kasunyatane ora
diakoni yen dhewee nympen emas duweke tukang suket.
Mula si tukang
suket mau meneng sedhela ndonga marang Gusti kang Murbng Dumadi supaya diwenehi
pituduh lan dalan kanggo nakluke sag bupati Semarang tanpa mancing tukaran
utawa padudon. Si tuang suket ngandharake yen sang bupati ora ngakoni ora dadi
ngapa, malah yen sang bupati isih kepengin emas s9ing luwih akeh maneh, dheweke
saguh kanggo nduduhake neng endi panggonan emas-emas mau. Sawise ngrungokake
tembung-tembung mau, tanpa isin-isin sang bupati terus meksa supaya age-age
diduduhake neng endi panggonan emas sing dimaksud mau.
Sing dodol suket
ngongkon sang bupati supaya macul lemah neng platarane Kabupaten. Wiwitane sang
bupati ngrasa mamang, nanging merga anggone duwe kekarepan kpengin entuk emas
sing luwih akeh, mula pangrasa sing kaya mangkono iku dilalekake, lan panjaluke
tukang suket mau dituruti. Kanthi gedhe lan kuwasane Sang Maha Wikan, mula
kasunyatane saben kilan lemah sing dipacul mau dadi emas. Mula sang bupati
kanthi rasa ati sing bungah, banjur nerusake anggone macul, dheweke ngrasa
samsaya kesel lan wis ora saguh maneh anggone ngayunke pacule.
Wiwit saka
kedadeyan sing lagi bae dilakono, dheweke sadhar yen apa sing diadhepi kuwi
dudu sembarang wong. Merga ora percaya yen wong sing dodol suket bias nggenti
lemah dadi emas. Dheweke ngrumangsanio yen dheweke wis kesasar lan keblusuk ing
padonyanan. Pungkasane dheweke takon sapa sejatine sing dodol suket iku, lan
wangsulane yen dheweke sejatine Sunan Kalijaga, salah sijine saka Walisanga.
Krungu kaya mangkoni iku, sang bupati age-age njaluk ngapura ngenani apa sing
wis dadi kaluputane, lan sang bupati pungkasane gelem diangkat dadi murite
Sunan Kalijaga, nanging kudu ana syarate. Banjur Sunan Kalijaga pamit arep ngadhep
marang sang Baginda Sultan Demak, lan ing wektu sing ditemtokake dheweke arep
teka maneh padha karo kanggo ngumbara.
Sawise Sunan
Kalijaga lunga, bupati Pandanaran wiwit tata-tata kanggo nyiapake pangumbarane.
Sakliyane kuwi dheweke mesthi sedekah lan ngamalke bandhane kanggo fakir
miskin, kanggo netepi janjine. Ki Ageng Pandanarang karo bojone ngumbara kanggo
nggolek sing dinggo nemeni plajarane marang agama Islam, khususe ing Jawa.
Pungkasane Ki Ageng pandanaran netep ing Klaten Jawa Tengah nganti seda lan
diarekake ing Gunung Jabalkat, nganti saiki kuburan Sunan Tembayat isih rame
ditekani dadi objek wisata ziarah sakgandheng karo ziarah Walisanga.
http://taipanqqculinary.blogspot.com/2018/02/sedang-diet-ini-jenis-pancake-yang.html
BalasHapushttp://taipannnewsss.blogspot.com/2018/02/pasangan-ldr-tetap-dapat-rayakan.html
http://taipannnewsss.blogspot.com/2018/02/jomblo-enggak-bakal-ngenes-kalau.html
QQTAIPAN .ORG | QQTAIPAN .NET | TAIPANQQ .VEGAS
-KARTU BOLEH BANDING, SERVICE JANGAN TANDING !-
Jangan Menunda Kemenangan Bermain Anda ! Segera Daftarkan User ID nya & Mainkan Kartu Bagusnya.
Dengan minimal Deposit hanya Rp 20.000,-
1 user ID sudah bisa bermain 7 Permainan.
• BandarQ
• AduQ
• Capsa
• Domino99
• Poker
• Bandarpoker.
• Sakong
Kami juga akan memudahkan anda untuk pembuatan ID dengan registrasi secara gratis.
Untuk proses DEPO & WITHDRAW langsung ditangani oleh
customer service kami yang profesional dan ramah.
NO SYSTEM ROBOT!!! 100 % PLAYER Vs PLAYER
Anda Juga Dapat Memainkannya Via Android / IPhone / IPad
Untuk info lebih jelas silahkan hubungi CS kami-Online 24jam !!
• WA: +62 813 8217 0873
• BB : D60E4A61
• BB : 2B3D83BE
Come & Join Us!
������
BalasHapus